Jabur 9
Kanggo lurah pasindhen. Manut lagu: Mut-Laben. Masmur anggitane Sang Prabu Dawud.
(9-2) Kawula badhe ngunjukaken panuwun dhumateng Sang Yehuwah kalayan gumolonging manah,
kawula badhe nyariyosaken sakathahing kaelokan Paduka.
(9-3) Kawula badhe bingah-bingah sarta asumyak-sumyak awit saking Paduka,
Asma Paduka kawula puji klayan masmur, dhuh Gusti,
Sang Mahaluhur,(9-4) awit mengsah kawula sami mundur,
rebah lajeng sirna wonten ing ngarsa Paduka.
(9-5) Amargi Paduka ingkang mbelani prakawis kawula lan wewenang kawula,
temah kawula angsal kaleresan,
Paduka lenggah ing dhampar jumeneng Hakim ingkang adil.
(9-6) Para bangsa sami Paduka ancam,
para tiyang duraka Paduka tumpes;
namanipun Paduka sirnakaken langgeng ing salaminipun.
(9-7) Mengsah sampun sami tumpes tapis,
dados gempuran ngundhuk-undhuk ing salaminipun,kithanipun sampun sami Paduka gempuri,
sampun boten dipun engeti malih babar pisan.(9-8) Nanging Sang Yehuwah wus lenggah ing dhampar salawase,
dhampare kang kaadegake iku kanggo nindakake pangadilan.
(9-9) Iya Panjenengane iku kang ngukumi jagad kalawan adil,
sarta ngadili para bangsa kalawan patitis.
(9-10) Iya mangkono iku anggone Sang Yehuwah dadi pangauban tumrap wong kang katindhes,
dadi pangauban ing wektu karubedan.
(9-11) Tiyang ingkang wanuh kaliyan asma Paduka, punika sami kumandel dhateng Paduka,
amargi Paduka, boten nate negakaken tiyang ingkang ngupadosi Paduka, dhuh Yehuwah.
(9-12) Padha ngidungna masmur kagem Sang Yehuwah, kang akedhaton ing Sion.
Padha nyaritakna pandamele ana ing tengahing para bangsa.
(9-13) Dene Panjenengane kang males marang wong kang ngwutahake getih, enget marang wong kang katindhes,
ora kesupen marang pasambate.
(9-14) Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka welasi,
mugi nupiksani kasrakatan kawula margi saking pandamelipun para tiyang ingkang sengit dhateng kawula;
Paduka ingkang ngentasaken kawula saking gapuraning pejah,
(9-15) supados kawula saged nyariyosaken sadaya pakaryan Paduka, ingkang wajib pinuji punika,
sarta wonten ing gapuraning putri ing Sion, kawula asurak-surak,
awit saking pangluwaran ingkang Paduka paringaken.(9-16) Bangsa-bangsa wus padha kecemplung ing luwangan gaweane dhewe,
sikile padha kena ing jiret, pasangane dhewe.
(9-17) Sang Yehuwah wus nglairake sarirane, Panjenengane nindakake pangadilan;
wong duraka kejiret ing pasangane dhewe. Higayon. (Selah)
(9-18) Para wong duraka bakal padha bali menyang ing teleng palimengan,
malah uga sakehing bangsa kang padha lali marang Gusti Allah.
(9-19) Awitdene wong mlarat iku ora dilalekake ing sateruse,
wong kang kesrakat ora kelangan pangarep-arep ing salawase.
(9-20) Dhuh Yehuwah, mugi karsaa jumeneng, manungsa sampun ngantos angsal kaunggulan,
para bangsa sami kadhawahana pangadilan wonten ing ngarsa Paduka.
(9-21) Dhuh Yehuwah, mugi sami Paduka damel geter,
satemah para bangsa sami ngakeni, bilih namung manungsa kemawon kawontenanipun. (Selah)