:
Manungsa kang asor dadi titah kang luhur 1 Kanggo lelurahing pasindhen. Manut lagu: Gitit. Masmur anggitane Sang Prabu Dawud.
(8-2) Dhuh Yehuwah, Gusti kawula,
iba mulyanipun asma Paduka wonten ing salumahing bumi,
kamulyan Paduka ingkang ngungkuli langit kakidungaken.
2 (8-3) Sarana cangkemipun bayi-bayi lan manungsa.
Paduka sampun nalesi kakiyatan margi saking lawanan Paduka,
supados mbungkem mengsah tuwin tiyang ingkang watek remen males piawon.
3 (8-4) Manawi kawula ningali langit pakaryanipun asta Paduka,
punapa dene rembulan saha lintang-lintang ingkang sampun Paduka tata,
4 (8-5) manungsa punika punapa ta, dene Paduka engeti?
Punapa ta anaking manungsa punika, dene Paduka galih?
5 (8-6) Ewadene Paduka dadosaken langkung andhap sakedhik katimbang
kaliyan titah ing swarga,
sarta Paduka makuthani kalayan kaluhuran saha kamulyan.
6 (8-7) Paduka kuwaosaken mengku yeyasaning asta Paduka,
samukawis sadaya Paduka paringaken wonten ing sangandhaping tlapakanipun:
7 (8-8) sakathahipun menda tuwin lembu,
ugi sato-kewan ing ara-ara,
8 (8-9) peksi ing awang-awang saha ulam ing saganten,
saha samukawis ingkang langkung ing margining saganten.
9 (8-10) Dhuh Yehuwah, Gusti kawula,
iba mulyanipun asma Paduka wonten ing salumahing bumi.