Jabur 92
Masmur, kekidungan ing dina Sabat.
makaten ugi nyaosi kidung masmur dhumateng asma Paduka,
dhuh Gusti Allah ingkang Mahaluhur,(92-3) saha nyariyosaken sih-susetya Paduka ing wanci enjing
tuwin kasetyan Paduka ing wanci dalu,
(92-4) kanthi ngungelaken kawat sedasa kaliyan slukat,
binarung ing swaraning clempung.
(92-5) Dene Paduka, dhuh Yehuwah, sampun mbingahaken kawula kalayan pakaryan Paduka,
kawula badhe asurak-surak awit saking pakaryanipun asta Paduka.
(92-6) Dhuh Yehuwah, saestu agung pakaryan Paduka,
sarta sanget lebet rancangan Paduka punika.
(92-7) Tiyang bodho boten badhe nyumerepi,
saha tiyang goblog ugi boten badhe mangretos bab punika.
(92-8) Manawi tiyang duraka anggenipun gesang sami kados tetuwuhan,
sarta tiyang ingkang nglampahi piawon sami ngrembaka
punika supados sami katumpesa ing salami-laminipun.(92-9) Nanging, dhuh Yehuwah, Paduka wonten ing ngaluhur ing salaminipun.
(92-10) Amargi saestu mengsah Paduka dhuh Yehuwah,
inggih sayektos mengsah Paduka badhe tumpes,
sakathahing tiyang ingkang tumindak awon badhe kabuyaraken.(92-11) Nanging singat kawula Paduka inggilaken kados singating bantheng,
kawula ingesokan ing lisah jebad ingkang enggal;
(92-12) mripat kawula nyawang satru kawula, kuping kawula mireng bab para tiyang awon ingkang sami gumregah nglawan kawula.
(92-13) Wong mursid bakal ngrembaka kaya wit kurma,
sarta thukul subur kaya wit eres ing Libanon;
(92-14) para kang katandur ana ing padalemaning Yehuwah,
bakal padha ngrembaka ana ing plataraning Allah kita,
(92-15) sanadyan wus tuwa isih padha metu wohe,
padha dadi lemu lan seger,
(92-16) supaya bisaa nyaritakake yen Pangeran Yehuwah iku bener,
peparangku kang adoh saka ing laku cidra.