:
Pangeran Yehuwah Ratu kang langgeng 1 Pangeran Yehuwah iku jumeneng raja, abusana kamulyan,
Pangeran Yehuwah busana lan apaningset kasantosan.
Sanyata bumi wus jejeg ora gonjang-ganjing.
2 Dhampar Paduka jejeg wiwit kala rumiyin,
wiwit ing kalanggengan Paduka sampun wonten.
3 Dhuh Yehuwah, lepen-lepen sami kumrasak,
lan sami ngulukaken swaranipun,
saha sami ngulukaken jumleguripun.
4 Pangeran Yehuwah ngebat-ebati banget ana ing ngaluhur,
ngungkuli kumrasaking banyu agung,
ngluwihi jumleguring alun ing segara.
5 Pranatan Paduka sanget kenceng,
padaleman Paduka sampun sapantesipun manawi suci,
dhuh Yehuwah, kangge ing salaminipun.