:

Jabur 95

Yehuwah kurmatana lan sujudana 1

Ayo padha surak-surak ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah,

surak-surak kagem Paranging karahayon kita.

2

Ayo padha methukake wedanane kalawan kidung pamuji sokur,

surak-surak kanthi pangidung masmur ana ing ngarsane.

3

Awitdene Pangeran Yehuwah iku Allah kang agung,

sarta Raja agung kang ngungkuli sakehing allah.

4

Telenging bumi ana ing astane,

pucaking gunung-gunung iku uga kagungane.

5

Segara uga kagungane, Panjenengane kang nitahake,

sarta astane kang yasa dharatan.

6

Lumebua, payo padha tumungkul sujud,

padha jengkeng ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah, kang nitahake kita,

7

awit Panjenengane iku Gusti Allah kita,

kita iku padha umat ngen-ngenane, papanthan wedhus reh-rehane.

Ing dina iki kowe bok ya padha ngrungokake swarane!

8

Sira aja mangkotake atinira kaya nalika ana ing Meriba,

kaya ing dina nalika ana ing Masa ana ing pasamunan,

9

nalika leluhurira padha nyoba marang Ingsun,

padha ndadar Ingsun, sanadyan wus padha ndeleng pakaryaningSun.

10

Patang puluh taun lawase enggoningSun pegel ing galih ing bab jinis iku.

PangandikaningSun: “Iku bangsa kang kesasar atine,

padha ora nyumurupi dalan pitedahingSun.”

11

Mulane Ingsun wus supaos ing sajroning dukaningSun:

“Wong-wong iku mesthi padha ora bakal lumebu ing padalemaningSun.”

Link: