:

Jabur 96

Gusti Allah, Gusti lan Hakim ing saindenging jagad 1

Padha ngluhurna Pangeran Yehuwah kalawan kidung anyar,

he wong salumahing bumi, padha ngidunga kagem Pangeran Yehuwah!

2

Padha ngidunga kagem Sang Yehuwah, luhurna asmane,

peparinge karahayon iku wartakna ing sadina-dina.

3

Padha nyaritakna kamulyane ana ing antarane para bangsa,

lan kaelokane ana ing antarane sakehing suku bangsa.

4

Amarga Pangeran Yehuwah iku mahaagung lan banget pinuji-puji,

sarta nggegirisi ngungkuli sakehing para allah.

5

Ujer sakehing allahe para bangsa iku tanpa guna,

nanging Pangeran Yehuwah iku kang nitahake langit,

6

kaagungan lan kamulyan ana ing ngarsane,

karosan lan kaurmatan ana ing papan pasucene.

7

He sakehing para suku bangsa, marang Pangeran Yehuwah,

iya mung marang Pangeran Yehuwah kamulyan lan karosan iku!

8

Pangeran Yehuwah caosana kamulyaning asmane,

nggawaa pisungsung lan sebaa marang ing platarane.

9

Padha sujuda marang Sang Yehuwah kalawan manganggo kasucen,

he sawrataning bumi kabeh, gumetera ana ing ngarsane.

10

Padha undhangna ana ing antarane para bangsa:

“Pangeran Yehuwah iku Raja!

Sanyata jagad iku madeg santosa, ora goyang,

Panjenengane bakal ngadili para bangsa kalawan kabeneran.”

11

Langit kareben bungah-bungah, lan bumi surak-surak,

sarta segara dalah saisine kareben padha gumuruh!

12

Ara-ara dalah saisine kareben sukarena;

ing kono sakehing wit-witan ing alas padha surak-surak,

13

ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, amarga Panjenengane rawuh,

sabab rawuhe bakal ngadili jagad,

jagad bakal dihakimi kalawan adil,

lan para bangsa kalawan kasetyane.

Link: