:

Yesaya 12

Kidung panuwun marga wus ginanjar slamet 1

Ing wektu iku kowe bakal munjuk:

“Kawula badhe ngunjukaken panuwun dhumateng Paduka, dhuh Yehuwah, awit sanadyan Paduka sampun duka dhumateng kawula,

nanging bebendu Paduka sampun kendel

tuwin Paduka lajeng nglipur kawula.

2

Gusti Allah iku sanyata dadi karaharjanku;

aku kumandel ora kalawan gumeter,

amarga Sang Yehuwah Allah iku kakuwatanku lan masmurku,

Panjenengane wus dadi karaharjanku.”

3

Ing kono kowe bakal padha ngangsu kalawan bungah

ing etuking kaslametan.

4

Ing wektu iku kowe bakal padha ngucap:

“Ngunjukna panuwun marang Sang Yehuwah,

padha nyebuta marang asmane,

pakaryane padha sumurupna ana ing antarane para bangsa,

suwurna, manawa asmane iku luhur!

5

Padha ngidungna masmur Pangeran Yehuwah, sabab pakaryane iku mulya;

bab iki prayoga kasumurupan ing saindenging bumi!

6

Padha giyak-giyaka lan surak-suraka,

he wong kang padha manggon ing Sion,

amarga Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel,

iku agung ana ing satengahmu!”

Link: