:

Yesaya 13

Wangsit kang tumuju marang Babil 1

Wangsit kang tumuju marang Babil kang kaparingake marang Nabi Yesaya, putrane Sang Amos.

2

Masanga gendera ana ing gunung kang gundhul,

nguwuh-uwuha marang para wong iku kalawan swara sora;

ngawe-awea supaya iku padha lumebu

ing gapura-gapurane para wong luhur!

3

Ingsun iki wus paring dhawuh marang para wong kang Sunsucekake,

wus nimbali para wongingSun kang prakosa

supaya matrapi paukumaning bebenduningSun,

marang para wongingSun, kang padha suka-suka lan gumunggung.

4

Ana swara rame ing gunung-gunung,

kaya swaraning kumpulaning wong kang akeh cacahe!

Swara gumuruhing karajan-karajan,

lan bangsa-bangsa kang padha nglumpuk!

Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa tumitah

lagi niti-priksa wadya-bala perang.

5

Iku padha teka saka ing nagara kang adoh,

malah saka ing poncoting langit,

yaiku Sang Yehuwah lan kang nibakake dedukane

arep padha ngrusak saindenging bumi.

6

Padha ngadhuh-adhuha, sabab dinane Sang Yehuwah wus cedhak,

tekane iku kayadene pangrusak saka Kang Mahakwasa.

7

Awit saka iku sakehing tangan bakal dadi lemes,

lan atine saben manungsa bakal luluh,

8

sarta wong-wong bakal padha kaget.

Lara mules lan lara nguwat bakal tumempuh marang wong-wong mau,

padha ngolang-ngaling kaya wong wadon nglarani.

Bakal padha pandeng-pandengan kalawan kaebatan,

raine padha kaya wong kang lara kadhemen.

9

Dinane Sang Yehuwah pranyata rawuh tanpa welas,

kalawan bebendu lan deduka kang mulad-mulad,

arep damel sepi mamringing bumi

arep nyirnakake wong-wong ing kono kang padha agawe dosa.

10

Sabab lintang-lintang lan golongane ing langit

bakal ora padha nyunarake cahyane;

srengenge bakal dadi peteng nalika mlethek,

lan rembulan ora bakal nyorotake sunare.

11

Ingsun bakal males pialane donya,

lan kaluputane wong duraka;

gumunggunging wong-wong kang kumawani bakal Sunuwisi,

sarta kumlungkunge para wong ambek siya bakal Sunendhakake.

12

Ingsun bakal damel aranging wong ngungkuli emas tuwa,

lan aranging manungsa ngungkuli emas Ofir.

13

Mulane Ingsun bakal damel gumetering langit,

lan bumi bakal gonjing ngalih saka ing panggonane,

yaiku ing wektu bebendune Sang Yehuwah, Gustine sarwa tumitah,

lan ing dina dedukane kang mulad-mulad.

14

Kayadene kidang kang kaoyak-oyak

lan kayadene wedhus kang ora diengon,

kaya mangkono wong-wong bakal padha noleh marang bangsane dhewe-dhewe,

lan padha lumayu marang nagarane dhewe-dhewe.

15

Saben wong kecandhak bakal disuduk,

lan saben wong kang kecekel bakal ambruk mati dening pedhang.

16

Bayi-bayine bakal padha karemuk

ana ing ngarepe,

omah-omahe bakal padha karampog

lan bojo-bojone bakal padha diwori turu.

17

Lah Ingsun nglurugake wong Madai nglawan marang wong-wong mau,

wong-wong kang ora padha mreduli

marang salaka lan ora seneng marang emas.

18

Panah-panahe bakal nembus para wong enom;

wong-wong mau padha ora bakal

welas marang wohing wetengan,

lan ora padha welas marang bocah-bocah.

19

Lan Babil, kang dadi kaendahaning para karajan,

rerengganing wong Kasdim kang linuwih,

bakal padha kaya Sodom lan Gomora

yaiku samangsa padha kaobrak-abrik dening Gusti Allah:

20

ing sateruse bakal ora ana wonge,

lan ora ana kang ngenggoni nganti turun-tumurun;

wong Arab ora bakal ngedegake tarub ana ing kono,

lan para pangon ora bakal ngolehake kewane padha mlegung ana ing kono,

21

dene kang bakal mlegung ing kono yaiku kewan ing ara-ara samun,

lan omah-omahe bakal kebak manuk beluk,

manuk-manuk unta kang bakal padha manggon ing kono,

lan jim-jim kang padha lincak-lincak;

22

asu alas bakal padha mbaung ana ing kadhaton-kadhatone,

tuwin asu ajag ana ing kraton-kratoning kasenengan.

Wektune bakal enggal teka,

sarta dina-dinane ora bakal diulur.

Link: