Yesaya 2
Pangandika kang kaparingake marang Yesaya putrane Sang Amos bab Yehuda lan Yerusalem.
Ing wekasane jaman bakal kelakon:
gunung papan padalemane Sang Yehuwahbakal ngadeg jejeg ing sadhuwure gunung-gunung
lan munggul ing sadhuwure tengger-tengger;
sakehing bangsa bakal gumrudug mranalan para suku bangsa akeh kang bakal padha budhalan kalawan ngucap mangkene:
“Ayo, kita padha munggah ing gununge Sang Yehuwah,menyang ing padalemane Allahe Rama Yakub,supaya Panjenengane paring piwulang marang kita bab margi-margine
lan supaya kita padha lumaku ing kono;
amarga saka ing Sion bakal kaparingake piwulanglan pangandikane Sang Yehuwah saka ing Yerusalem.”
Panjenengane bakal dadi hakim ana ing antarane para bangsa
lan bakal ngadili suku bangsa akeh;iku banjur bakal padha nggembleng pedhang-pedhange kadadekake kejen
sarta tumbak-tumbake kadadekake arit.
Bangsa kang siji ora bakal ngangkat pedhange maneh nglawan bangsa sijinetuwin ora bakal nggladhi perang maneh.He golongan tedhake Rama Yakub
ayo kita padha lumaku
ing pepadhange Sang Yehuwah!Sanyata Paduka sampun mbucal umat Paduka
inggih punika golongan tedhakipun Rama Yakubamargi wonten ing pundi-pundi sami nindakaken panenungan kadosdene ingkang tumindak ing tanah Wetan
saha sikir kados tiyang Filisti,
tuwin kekathahen tiyang bangsa sanes ingkang wonten ing satengahipun.Nagarinipun kebak emas tuwin salaka saha raja-brananipun tanpa wicalan;
nagarinipun kebak kapal
sarta kretanipun tanpa wicalan.Nagaranipun kebak brahala;
tiyang-tiyang wau sami sujud nyembah
dhateng dedamelaning tanganipun piyambaklan dhateng ingkang dipun garap dening tanganipun.Kados makaten anggenipun manungsa dipun telukaken
saha anggenipun tiyang kaesoraken
-- tiyang-tiyang wau mugi sampun kaapunten!Lumebua ing sela-selaning gunung parang
lan ndhelika ing rong ing sajroning lemahmarga saka pagirise Sang Yehuwah
sarta marga saka cahyaning kamulyane!Manungsa kang gumunggung bakal kaesorake
lan wong kang angkuh bakal kadhingklukake,
sarta mung Pangeran Yehuwah kang mahaluhur ing dina iku.
Amarga Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah
nemtokake dinane anggone bakal ngukum
sakehe wong kang kumalungkung lan angkuhsarta ngukum marang sakehing wong kang kumaluhur-luhur, prelu kaesorake;ngukum sakehing wit eres ing Libanon
kang tuwuh mandhuwur lan tetep munggul,
tuwin ngukum sakehing wit elah ing Basan;sarta ngukum gunung kang dhuwur-dhuwur
lan sakehing tengger kang munggul;
ngukum sakehe menara kang dhuwur-dhuwur
lan sakehe baluwarti kang disantosani;
ngukum sakehe kapal ing Tarsis
tuwin sakehe kapal kang endah dhewe.
Manungsa kang gumunggung bakal padha kadhingklukake
lan wong kang angkuh bakal padha diesorake;amung Pangeran Yehuwah kang mahaluhur
ing dina iku.Dene brahala-brahala
bakal sirna babar pisan.
Ing kono wong bakal lumebu ing guwa-guwa ing gunung parang
lan ing rong-rong ing sajroning lemah,marga saka pagirising Yehuwah
tuwin marga saka cahyaning kamulyane, ing nalika Panjenengane tumindak damel getering bumi.Ing dina iku brahala-brahala salaka lan brahala-brahala emas
gegaweaning manungsa kang disujudi lan disembah
bakal kabuwang kanggo marang tikus lan lawa,lan wong mau bakal lumebu ing growongan-growonganing gunung parang
tuwin ing sela-selaning tetengger watumarga saka pagirising Sang Yehuwah
lan marga saka cahyaning kamulyane;
ing nalika Panjenengane jumeneng damel getering bumi.Aja padha ngandelake marang manungsa,
awit iku ora ngluwihi wetuning napas
lan wong iku banjur kena dianggep kayadene apa?