:

Yesaya 3

Paukumane Pangeran Yehuwah marang wong kang padha nasarake bangsa iku 1

Pangeran, Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah

sanyata bakal ngedohake saka Yerusalem lan Yehuda

saben wong kang padha dadi andel-andele,

sakehe tandhon pangan lan omben-omben:

2

Wong prawira lan prajurit,

hakim lan nabi,

juru tenung lan pinituwa,

3

paneket lan panggedhe,

penasehat lan ahli sikir,

sarta juru japa-mantra.

4

Ingsun bakal ngangkat para nom-noman Sundadekake pemimpine,

lan bocah-bocah kang bakal padha ngereh.

5

Bangsa iku banjur bakal dhesek-dhesekan

wong padha lawan-linawan,

kang siji nglawan marang sijine;

wong enom bakal mampang-mampang marang wong tuwa,

wong asor marang wong kang kajen keringan.

6

Nganti manawa ana wong kang nggujengi sadulure ana ing omahe bapakne kalawan celathu:

“Panjenengan taksih kagungan jubah, mila karsaa dados pemimpin kula sadaya

saha jugrugan punika lajeng kakuwaosana,”

7

ing nalika iku sadulure nuli bakal mangsuli:

“Aku emoh dadi dhokter;

ing omahku ora ana roti lan ora ana jubah;

aja ngangkat aku dadi pemimpin bangsa.”

8

Yerusalem sanyata wus ambruk

lan Yehuda wus rubuh,

amarga tembung-tembunge lan panggawene nglawan marang Sang Yehuwah

sarta padha nantng marang tingale kang mulya.

9

Pasemoning raine mratelakake pialane

lan kayadene wong Sodom, padha ngeblakake dosane,

ora didhelikake maneh.

Bilai wong-wong iku!

Amarga padha gawe cilakane awake dhewe.

10

Pratelakna manawa wong bener iku rahayu!

Amarga bakal mangan wohing panggawene.

11

Bilai wong duraka iku! Bakal katempuh ing bilai,

amarga bakal dietrapi manut panggawene dhewe.

12

Anadene umatingSun, kang nyekel pangwasane bocah-bocah,

lan bakal kaereh ing para wong wadon.

He umatingSun, para pemimpinira iku padha nasarake sira,

lan dalan padha sira ambah iku dikisruhake!

13

Pangeran Yehuwah bakal lenggah ngasta pangadilan

lan jumeneng prelu ngadili para bangsa.

14

Pangeran Yehuwah tumindak dadi hakim

tumrap para pinituwa lan para pemimpining umate:

“Sira kang padha ngrusak kebon anggur iku,

barang rayahan saka wong kang katindhes

ana ing omahira tumpuk-tumpuk.

15

Yagene sira padha niksa umatingSun

lan nganiaya para wong kang katindhes?”

mangkono pangandikane Gusti Allah, Gustine sarwa tumitah.

Paukumane Sang Yehuwah tumrap para wanita ing Sion kang kumalungkung 16

Pangeran Yehuwah ngandika:

Sarehne wanita ing Sion wus padha gumunggung

lan padha lumaku kalawan langak-langak gulune

tuwin kalawan main mata,

sarta lakune digawe-gawe

kalawan gelange sikil kang kumrincing,

17

mulane Pangeran bakal ndadosake

sirahe wanita Sion padha kebak borok

tuwin Pangeran Yehuwah bakal nyukur rambute ing sisihing bathuke.

18

Ing nalika iku Pangeran bakal nyingkirake sakehing rerenggane: gelang sikil, jamang lan rembulanan,

19

rerenggan kuping, gelang tangan tuwin kudhung,

20

rerenggan sirah, gelang rante sikil, pending, wadhah wewangen lan jimat-jimat;

21

ali-ali cap lan anting-anting irung;

22

sandhangan pesta, jubah, slendhang lan tas;

23

pengilon, kotang lena, sreban lan klambi njaba.

24

Ing kono geganda arum bakal disalini kang bacin,

pending bakal disalini tali,

rambut klabangan disalini gundhul,

sandhangan pesta disalini bagor

rupa ayu disalini cacad.

25

Wong-wongira bakal padha tiwas dening pedhang,

lan para pahlawanira marga perang.

26

Gapura-gapurane Sion bakal sambat-sambat lan prihatin,

sarta kutha iku bakal kaya wong wadon plonthos

kang nglosot ing bumi.

Link: