:

Yesaya 27

Israel kaluwaran 1

Ing nalika iku Pangeran Yehuwah bakal matrapi paukuman kalawan pedhange kang atos, gedhe lan kuwat

marang Lewiatan, naga kang lumayu,

marang Lewiatan, naga kang ngleker,

sarta bakal mateni ula naga ing sagara.

2

Ing wektu iku bakal dikandhakake:

“Ngrerepia bab kebon anggur kang endah!

3

Ingsun, Yehuwah kang ngreksa;

Ingsun kang tansah nyirami.

Supaya aja ana wong kang ngrusuhi,

rina wengi Sunjaga;

4

Ingsun wus ora duka.

Manawa Ingsun nguningani piskucing lan suket,

iku bakal Sunperangi

lan bakal Sunobong bareng,

5

kajaba manawa banjur padha ngupaya pangayoman marang Ingsun

tuwin ngudi rukun kalawan Ingsun,

iya ngudi rukun kalawan Ingsun!”

6

Ing dina-dina kang bakal kelakon,

Yakub bakal metu oyode,

Israel bakal ngrembaka lan metu trubusane

sarta bakal ngebaki bumi kabeh kalawan pametune.

7

Apa Sang Yehuwah anggone nyirnakake umate

kaya anggone nyirnakake wong kang nyirnakake umat mau?

Utawa apa anggone mateni umate

kaya anggone mateni wong kang mateni umate mau?

8

Paduka sampun nglawan tiyang-tiyang wau, sami Paduka kesahaken saha Paduka tundhung.

Wus padha kasingkirake kalawan angine kang santer ing wektu angin wetan.

9

Mangkene iki anggone kaluputane Yakub kailangan,

lan iki wohe manawa dosane wus kaedohake:

banjur gawe sakehe watuning misbyah

kayadene watu gamping kang kapecah-pecah,

satemah ora ana maneh tugu brahala lan padupan kang isih ngadeg.

10

Amarga kutha-beteng iku dununge mencil,

sawijining papan panggonan kang disuwungake

lan ditinggal kayadene ara-ara samun;

pedhet bakal nyenggut lan mlegung ana ing kono

sarta ngentekake pang-panging wit-witan.

11

Samangsa pang-pange kang cilik-cilik wus garing, bakal padha disempali;

nuli kaobong dening para wong wadon kang pdha teka.

Awit iki sawijinig bangsa kang tanpa budi,

yaiku kang njalari ora kaparingan

palimirma dening kang nitahake

lan ora kinasihan dening kang mangun.

12

Ing wektu iku

Pangeran Yehuwah bakal nindakake pangrontogan wiwit saka ing bengawan Efrat nganti tekan ing kali Mesir,

sarta kowe kabeh bakal padha dikumpulake

siji-siji, he wong Israel!

13

Ing nalika iku

kasalangka kang gedhe bakal diunekake,

lan kang ilang ana ing tanah Asyur bakal padha teka

mangkono uga kang kabuwang menyang ing tanah Mesir

prelu padha sujud nyembah marang Pangeran Yehuwah

ana ing gunung kang suci, ing Yerusalem.

Link: