:

Yesaya 28

Pamedhar wangsit tumrap Samaria 1

Bilai makuthane kamulyane para kang seneng mendem ing Efraim,

kembang kang wis wiwit alum ing rerengganing sirahe kang endah-endah

-- yaiku kutha kang dumunung ana ing dhuwur, ana ing gunung, ing lembah kang subur

kang kebak wong kang seneng ngombe anggur

kang wus padha mumet! --

2

Lah Pangeran kagungan sawijining wong kang rosa lan santosa,

wong kang kaya prahara kaworan udan krikil,

yaiku prahara kang ngrerusak

wong kang kaya prahara kaworan udan

kang ngedab-edabi lan ngelekake;

wong-wong mau bakal kakeplekake ing bumi kalawan rosa.

3

Makuthane kamulyaning para wong Efraim

kang seneng mendem iku bakal kaidak-idak,

4

lan kembang kang wis wiwit alum ing rerengganing sirahe kang endah-endah iku

-- yaiku kutha kang ana ing dhuwur gunung, ing lebak kang subur --

iku kaanane bakal kaya woh anjir

kang mateng sadurunge mangsa ketiga:

lagi bae kasumurupan ing wong

banjur kapethik lan kaemplok.

5

Ing wektu iku Pangeran Yehwuah Gustining sarwa tumitah

baka jumeneng dadi makuthaning kaendahan,

lan rerengganing sirahkang endah tumrap kakarene umate,

6

bakal jumeneng dadi rohing kaadilan

tumrap wong kang lungguh nindakake pangadilan,

lan dadi rohing kaprawiran

tumrap wong kang ngundurake perang nganti tekan ing gapura.

Tumrap panggedhening Yerusalem 7

Nanging sanadyan wong-wong ing kene

iya padha mumet marga saka anggur

lan ngelu marga saka arak

Imam utawa Nabi

mumet marga saka arak,

bingung marga saka anggur;

padha mumet marga saka arak,

mumet nalika weruh wahyu,

sempoyongan nalika aweh putusan.

8

Lah mejane kabeh kebak utah-utahan lan rereged,

temahan ora ana kang resik maneh.

9

Wong banjur celathu:

“Sapa sing arep diwulang bab kawruhe

lan sapa sing bakal diwenehi katrangan bab wahyu-wahyune?

Kaya-kaya bocah sapihan anyar

kang lagi kabethot saka susu!

10

Sabab kudu iki kudu iku,

kudu mangkene kudu mangkono,

wuwuh iki, wuwuh iku!”

11

Lah lumantar para wong kang kedaling celathune aneh

lan lumantar para wong kang migunakake basa manca

Panjenengane bakal paring pangandika marang bangsa mau,

12

Panjenengane kang wus ngandikani mangkene:

“Yaiki papan palerenan,

sira menehana papan kanggo ngaso

marang wong kang kesayahen;

iku papan kanggo ngaso!”

Nanging padha ora gelem ngrungokake.

13

Mulane bakal padha ngrungokake pangandikane Sang Yehuwah mangkene:

“Kudu iki, kudu iku,

kudu mangkene, kudu mangkono,

wuwuh iki, wuwuh iku!”

supaya sajrone lumaku banjur padha tiba kelumah,

satemah tatu, kecekel lan ketawan.

14

Mulane rungokna pangandikane Sang Yehuwah,

he para wong kang padha seneng nenacad,

he para wong kang mrentah rakyat

kang ana ing Yerusalem iki!

15

Ing sarehne kowe wus padha ngucap:

“Aku wus padha nganakake prajanjian karo pati,

lan karo jagading pati

aku wus padha nganakake pasarujukan;

sanadyan cemethi acethar-cether seru,

ora bakal ngenani aku kabeh;

amarga si goroh wus padha dakdadekake pangayomanku,

sarta aku padha asingidan ana ing doracara,”

16

mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah:

“Lah Ingsun mrenahake ana ing Sion

sawijining watu, watu kang wus ketitik becik minangka tetales,

watu pepojok kang larang, tetales kang santosa:

sing sapa pracaya, ora bakal goreh!

17

Lan kaadilan bakal Sundadosake tali ukuran,

sarta kabeneran Sundadekake tali panyipat;

udan watu bakal nyirnakake pangayoman goroh,

tuwin banyu gedhe bakal nglarudake pandhelikan.”

18

Prajanjianmu kalawan pati bakal kasuwak,

lan pasarujukanmu kalawan jagading wong mati ora bakal terus tumindak;

manawa cemethi acethar-cether seru,

kowe bakal padha remuk kaidak-idak.

19

Kaping pira bae anggonira teka,

kowe bakal padha kaseret,

sabab iku bakal teka saben esuk,

ing wektu awan lan ing wektu bengi;

sarta mangreti marang pangandika kang dirungu iku

ateges mung pagiris thok.

20

Sabab paturon bakal kurang dawa manawa kanggo turu slonjor

lan kemule bakal kurang amba kanggo ngemuli awak.

21

Sabab Pangeran Yehuwah bakal jumeneng kaya ana ing gunung Perasim,

tuwin bakal bendu kaya ana ing lebak ing sacedhake Gibeon,

sarta bakal nindakake pakaryane -- aneh pakaryane iku;

lan bakal nindakake pakaryane -- aneh pakaryane iku!

22

Mulane kowe aja padha nenacad,

supaya talining bebandanmu aja saya kenceng,

awit aku krungu bab karusakan kang wus tinamtokake

kang pinangkane saka Pangeran Gusti Allah ing sarwa tumitah kang bakal tumempuh marang saindenging nagara iku.

Kawicaksanane Sang Yehuwah 23

Tilingna lan rungokna swaraku;

gatekna lan rungokna tembungku!

24

Apa saben dina wong iku anggone mluku,

maculi lan nggaru tanahe kang bakal disebari wiji?

25

Apa ora sawise tanahe karata,

anggone ngratakake jinten ireng lan nyebar jinten putih,

nguluri gandum juwawut lan sair

sarta wiji kusemet ana ing pinggire?

26

Bab adat pakulinan wus kaparingan piwulang,

lan pituduh dening Allahe.

27

Amarga jinten ireng ora karontogake nganggo piranti pangrontogan,

lan rodhaning grobag ora kanggo nggiles jinten putih,

nanging jinten ireng karontogan kanthi patrap digedhig kalawan watang,

lan jinten putih kalawan gebug.

28

Apa wong anggone ngrontogi iku gandume digebugi nganti ajur?

Mesthi ora, ora terus bae digebugi nganti ajur!

Lan sanadyan wong nglakokake ing dhuwure gandum mau

jantrane grobag kalawan jarane,

nanging anggone nggiles ora bakal nganti ajur.

29

Sarta iki pinangkane uga saka Sang Yehuwah Gustining sakehe dumadi;

pepesthene iku elok

lan gedhe kawicaksanane.

Link: