:

Yesaya 54

Prajanjian karukunan kalawan Sion 1

Surak-suraka, he wong gabug kang ora tau nglairake jabang bayi!

Bungaha kalawan sumyak-sumyak lan giyak-giyaka,

he sira kang ora tau nglarani!

Amarga kang ditinggal dening sing lanang iku bakal duwe anak kehe ngungkuli anake wong kang padha bebojoan,

mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

2

Ambakna papanig tarubira,

jerengen tendhaning papan padununganira,

sira aja ngeman papan;

tali-talining tarubira dawanana

sarta pathok-pathokira kapasanga kang kukuh!

3

Amarga sira bakal tangkar-tumangkar ngiwa nengen,

turunira bakal padha ndarbeni papaning para bangsa,

tuwin bakal padha ngenggoni kutha-kutha kang sepi.

4

Sira aja wedi, awit ora bakal kawirangan,

lan aja rumangsa isin,

sabab sira ora bakal nandhang wirang.

Amarga sira bakal lali marang kawiranganing nom-nomanira,

tuwin ora bakal eling maneh marang nisthane anggonira dadi randha.

5

Amarga kang dadi somahira iku Panjenengane kang nitahake sira,

kang asma pangeran Yehuwah Gustine sarwa tumitah;

kang jumeneng Panebusira yaiku Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel,

kang sinebut Gusti Allahe salumahing bumi.

6

Awit kayadene wong wadon kang ditinggal lan kang susah atine

anggonira katimbalan maneh dening Sang Yehuwah;

garwa jaka-lara rak ora bakal tetep katampik?

Mangkono pangandikane Gusti Allahira.

7

Mung sadhela anggoningSun nilar sira,

nanging marga saka sih-piwelasingSun kang linuwih sira Sunpundhut maneh.

8

Ing sajroning dukaningSun kang banget

Ingsun wus ngaling-alingi wedananingSun marang sira sadhela,

nanging marga saka sih-susetyaningSun kang langgeng

Ingsun wus ngatingalake sih-piwelasingSun marang sira,

mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Juru Panebusira.

9

Kaanan iku tumrap Ingsun kaya ing jamane Nuh:

kayadene anggoningSun wus supaos marang dheweke

manawa banyu ora bakal nutupi bumi maneh,

mangkono uga Ingsun iya wus supaos

manawa Ingsun ora bakal duka maneh marang sira

lan ora bakal mbendoni sira maneh.

10

Sabab sanadyan gunung-gunung padha ngalih

lan tengger-tengger padha gonjing,

nanging sih-susetyaningSun ora bakal ngalih saka ing sira

tuwin prajanjian-karukunan peparingingSun ora bakal owah gingsir,

mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, kang paring sih-palimirma marang sira.

11

He wong kang katindhes, kang katempuh ing prahara, kang ora oleh panglipur!

Lah Ingsun bakal masang tetalesira kalawan watu item

tuwin dhasar-dhasarira kalawan sesotya manila.

12

AnggoningSun yasa ndhuwuring tembok-tembokira kalawan sesotya dlima,

gapura-gapuranira kalawan sesotya manikem abang

sarta kabeh tembok-tembok wates kalawan watu adi.

13

Anakira kabeh bakal padha dadi siswaning Yehuwah,

tuwin bakal kadunungan karahayon gedhe;

14

sira bakal kajejegake ing kabeneran.

Sira bakal ingedohake saka ing panganiaya,

mulane sira ora susah wedi maneh,

tuwin sira bakal adoh saka ing pagiris,

sabab iku ora bakal nekani sira.

15

Manawa ana wong kang nempuh sira,

iku ora saka Ingsun;

sapa bae kang nempuh sira,

iku bakal ambruk marga nglawan sira.

16

Lah Ingsun kang nitahake pandhe kang ngububi geni

tuwin ngrampungkae gegaman manut kabisane,

nanging uga Ingsun kang nitahake juru panumpes

kang Sunagem numpes.

17

Saben gegaman kang digembleng

arep kanggo nglawan sira ora bakal bisa tumama,

sarta saben wong kang nandukake pandakwa marang sira

ana ing pangadilan bakal sira buktekake manawa salah.

Iya iki kang bakal dadi pandumane

para abdine Pangeran Yehuwah

tuwin kabeneran peparingingSun,

mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

Link: