Yesaya 55
He sakehe wong kang ngelak,
padha mrenea lan ngombea banyu,apadene sira kang ora duwe dhuwit, mrenea!
Nampanana gandum tanpa bayar lan mangana,
uga anggur lan susu tanpa bayar!Yagene sira padha ngetokake dhuwit ora kanggo tuku roti,
lan pituwasing rekasanira ora kanggo tuku barang kang maregi?Padha ngrungokna marang Ingsun,
temah sira bakal padha mangan pangan kang becik
sarta sira bakal padha ngrasakake nikmatingcecawisan kang enak dhewePadha nilingna kupingira
lan sowana ing ngarsaningSun;padha ngrungokna,temah sira bakal padha urip!Ingsun arsa nganakake prajanjian kang langgeng
kalawan sira kabeh,manut sih-susetya kang santosa kang Sunjanjekake
marang Dawud
Lah dheweke wus Suntetepake dadi seksi tumrap para bangsa,
dadi ratu lan nyekel paprentahan
tumrap para suku bangsa;lah sira bakal ngundang bangsa kang sira durung wanuh,
lan bangsa kang durung wanuh kalawan sira bakal mlayu marani sira,marga saka Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira,
sarta marga saka Kang Mahasuci,
Gusti Allahe Israel, kang paring kamulyan marang sira.Padha ngupayaa Pangeran Yehuwah pupung isih karsa disowani;
padha sesambata marng Panjenengane pupung isih ana ing celakan!
Wong duraka kareben ninggal dalane,
lan wong ala cikben ninggal pangrantame;kareben mratobat marang Sang Yehuwah,
mesthi bakal kaparingan sih-palimirma,
sarta marang Gusti Allah kita,sabab Panjenengane bakal ngluberake pangaksamaneAwit rancanganingSun iku dudu rancanganira,
lan dalanira iku dudu marginingSun,
mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.Amarga sapira dhuwure langit saka ing bumi,
iya samono dhuwure marginingSun
saka ing dalanirasarta rancanganingSun saka ing rancanganira.Sabab kayadene udan lan salju anggone tumurun sakal ing langit
lan ora bali mrono, nanging banjur mbanyoni bumi,gawe subure lan njalari thukule tetuwuhan,aweh wiji marang kang nyebarlan roti marang wong kang gelem mangan,iya mangkono pangandikaningSun kang miyos saka ing tutukingSun:
ora bakal bali marang Ingsun kanthi nglaha,nanging iku bakal nindakake apa kang Sunkarsakake,
sarta bakal oleh gawe tumrap apa bae kang Sundhawuhake.Lah sira bakal padha mangkat kalawan bungah
lan bakal kaeterake kalawan tentrem;gunung-gunung lan tengger-tengger bakal padha gambira
lan surak-surak ana ing ngarepira,
lan sakehing wit-witan ing ara-ara bakal keplok-keplok.Minangka gantine grumbul eri bakal thukul wit beros,
tuwin minangka gantine kecubung bakal thukul wit jambu keling;iku bakal kelakon minangka srana kang njalari misuwuring Yehuwah,
minangka tandha langgeng kang ora bakal sirna.