:

Yesaya 59

Dosa iku ngrerendheti karahayon 1

Astaning Yehuwah iku sanyata ora cupet kagem paring karahayon,

lan pamirenge ora kurang landhep kagem miyarsakake;

2

nanging kang dadi sesinggetan ing antarane kowe lan Gusti Allahmu

iku sakehing pialamu,

tuwin kang njalari Panjenengane asingidan ana ing ngarepmu,

satemah banjur ora mireng,

iku sakehing dosamu.

3

Sabab tanganmu iku najis marga kuthah getih

sarta drijimu marga saka piala;

cangkemmu ngucapake cidra,

ilatmu ngandhakake kaculikan.

4

Ora ana kang nggugat kanthi alasan kang bener,

lan ora ana kang ngadili kanthi alasan kang kuwat;

kang diandelake barang kang tanpa guna

lan goroh kang diucapake,

kang dikandhut kasangsaran

dene kang dilairake tindak ambek siya.

5

Wong padha netesake endhog ula bedhudhak,

tuwin nenun jaring kemangga;

sing sapa mangan endhog mau mesthi bakal mati,

sarta manawa endhog mau dipijet nganti pecah,

banjur metu ulane bedhudhak.

6

Jaring kang ditenun mau ora kena dianggo sandhangan,

lan gegaweane ora kena dianggo kemul;

panggawene iku panggawe kang ambek siya,

sarta kang ditindakake dening tangane iku mung awujud kekerasan.

7

Enggal-enggal anggone nglakoni piala,

lan enggal-enggal arep ngilekake getihe wong kang ora luput;

rancangane iku pangrantaming ambek siya,

tuwin menyang ngendi bae parane

mesthi ninggal karusakan lan gempuran.

8

Padha ora sumurup marang dalaning karukunan,

tuwin ing sajroning tindak-tanduke ora ana kaadilan;

padha milih dalan-dalan kang menggok,

lan saben wong kang lumaku ing kono ora wanuh marang katentreman.

9

Marga saka iku kaadilan tetep adoh saka kita

tuwin kabeneran ora nekani kita,

kita padha ngarep-arep pepadhang,

nanging kang ana mung pepeteng,

padha ngarep-arep cahya,

nanging kita padha lumaku ana ing pepeteng.

10

Kita padha gagap-gagap ing tembok kaya wong wuta,

tuwin grayah-grayah kaya-kaya ora duwe mripat;

kita padha kesandhung ing wayah tengange,

kaya-kaya ing wayah repet-repet

padha lungguh ing papan peteng kaya wong mati.

11

Kita kabeh padha gereng-gereng kaya bruwang,

swara kita lereg-lereg kaya manuk dara;

kita ngarep-arep marang kaadilan,

nanging ora ana,

nganti-anti marang kaslametan,

nanging iku tetep adoh saka kita.

12

Dosa kawula sadaya punika saestu kathah wonten ing ngarsa Paduka

tuwin dosa kawula punika dados seksi ingkang nglawan dhateng kawula;

kawula sadaya saestu sami ngrumaosi anggen kawula sami mbalela

saha sami nyumerepi ing piawon kawula;

13

kawula sadaya sampun mbalela tuwin nyelaki dhumateng Pangeran Yehuwah,

sarta mundur nilar Gusti Allah kawula,

kawula sami ngrancang badhe memeres lan nyleweng,

sami ngandhut cidra ing salebeting manah

saha nglairaken cidra wau kalayan tetembungan.

14

Angger-angger sampun kesuk kawula pengkeraken

tuwin kaadilan tebih dunungipun,

sabab kaleresan kesandhung wonten ing papan umum

saha katemenan katampik ing tiyang.

15

Mulane kabeneran wus ilang,

lan sing sapa ngedohi piala,

dadi kurbaning wong ngrerayah.

Nanging Pangeran Yehuwah nguningani kang mangkono iku,

lan ndadekake rengune ana ing paningale

dene ora ana angger-angger

16

Panjenengane mirsa

manawa ora ana wong siji-sijia

kang jumedhul, tuwin ngungun,

dene ora ana kang mbiyantu.

Mulane astane piyambak kang mitulungi,

sarta kaadilane kang mbiyantu Panjenengane.

17

Banjur ngagem kaadilan kadadekake kere

lan toponging karahayon ana ing mustakane;

ngagem busana piwales

sarta jubahing panggalih benter.

18

Laras karo panggawe-panggawening wong,

mangkene anggone paring piwales:

bebendu kang mulad-mulad marang para kang nglawan,

pidana marang para mengsahe;

malah dalasan pulo-pulo kang adoh uga kadhawahan pidana.

19

Ing kono wong banjur bakal wedi

marang asmaning Pangeran Yehuwah

ana ing papan suruping srengenge

tuwin marang kamulyane ana ing papan pletheking srengenge,

awit Panjenengane bakal rawuh kaya ilining banyu saka papan kang ciyut,

kang kasurung dening napasing Sang Yehuwah.

20

Sarta bakal rawuh jumeneng dadi Panebusing Sion

tuwin kanggo para wonge Yakub kang padha mratobat nyingkiri pambalelane,

mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

21

Anadene Ingsun, iki prajanjianingSun marang wong-wong mau, pangandikane Sang Yehuwah: RohingSun kang dumunung ana ing sira lan pangandikaningSun kang Sunparingake ana ing cangkemira ora bakal sumingkir saka ing cangkemira saka ing cangkeme turunira sarta saka ing cangkeme turune turunira, wiwit ing samengko nganti ing salawas-lawase, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

Link: