:

Yesaya 58

Kamursidan kang sanyata lan kang ora 1

Nguwuh-uwuha kang sora, aja ngampet swara!

Ngulukna swaranira kayadene kalasangka,

wartakna marang umatingSun panerake

lan marang para turune Yakub dosane!

2

Pancen saben dina padha ngupaya Ingsun

lan seneng sumurup sakehing marginingSun.

Kayadene bangsa kang nglakoni kang bener

tuwin kang ora ninggal angger-anggering Allahe

padha munjuk pitakon marang Ingsun bab angger-angger kang bener,

padha seneng nyedhak sowan ing ngarsaning Allah,

sarta munjuk pitakon:

3

“Punapa sababipun dene kawula sami siyam

Paduka kok ugi boten nggatosaken?

Punapa sababipun dene kawula sami ngesoraken badan

Paduka kok boten karsa nguningani?”

Ing nalikane sira pasa nyatane sira isih tetep ngurus urusanira,

tuwin sira padha ngerasi sakehing buruhira.

4

Sanyatane anggonira padha pasa iku kalawan padu lan regejegan

sarta kalawan ngantemi tanpa reringa.

Manawa anggonira pasa kaya saiki iki

swaranira bakal ora kapirengake saka ing ngaluhur.

5

Lah apa pasa kang kaya mangkene iki kang Sunkarsakake,

tuwin nganakake dina kanggo ngesorake badan,

manawa sira ndhingkluk kaya glagah

lan njereng bagor sarta awu sira anggo lemek turu?

Apa iku kang sira arani pasa,

nganakake dina kang dadi keparenge Pangeran Yehuwah?

6

Dudu! Pasa kang Sunkarsakake iku,

yaiku manawa sira nguculi blengguning ambek siya,

lan ngudhari tali-talining pasangan,

manawa sira ngluwari wong kang kinaniaya

tuwin mutungi sakehing pasangan,

7

manawa sira nyuwil-nyuwil rotinira kanggo wong keluwen

sarta ngajak menyang ing omahira wong kang tuna wisma,

lan manawa sira sumurup wong kang kawudan, banjur sira wenehi panganggon

tuwin ora nyingkiri sadulurira dhewe!

8

Manawa mangkono pepadhangira bakal mlethek kaya bangbang wetan

tuwin tatunira bakal enggal waras;

kabeneran bakal dadi baris ana ing ngarepira

lan kamulyaning Yehuwah dadi baris ana ing burinira.

9

Ing kono manawa sira munjuk,

Pangeran Yehuwah bakal paring wangsulan

samangsa sira sesambat nyuwun tulung,

Panjenengane bakal ngandika:

Lah iki Ingsun ana ing kene!

Manawa sira ora ngetrapake pasangan maneh marang pepadhanira

sarta ora nuding-nuding marang wong kalawan driji lan mitenah,

10

manawa sira menehi wong keluwen apa kang sira dhewe arep

lan gawe lejaring atine wong kang katindhes,

pepadhangira bakal sumorot ana ing pepeteng

sarta pepetengira bakal kaya wayah tengange.

11

Pangeran Yehuwah bakal tansah nuntun sira

lan bakal damel mareming atinira

ana ing tanah kang garing

sarta bakal nganyarake kakuwatanira;

sira bakal kaya patamanan kang kasiraman kalawan becik

tuwin kaya sumber

kang ora tau gawe gela.

12

Sira bakal mbangun gempuran kang wus atusan taun,

lan bakal ndandani tetales kang wus kapasang pirang-pirang turunan.

Sira bakal kasebut “kang ndandani tembok kang jebol”,

“kang ndandani dalan supaya panggonan kono kena dienggoni”.

Ngajeni dina Sabat 13

Manawa sira ora nyawiyah pranataning Sabat

lan ora nindakake pagaweanira ing dinaningSun kang suci;

manawa sira ngarani dina Sabat “dina kanikmatan”,

lan dinaning Pangeran Yehuwah

kang suci “dina kang mulya”;

manawa sira ngajeni dina iku sarana ora nindakake sakehing pagaweanira

sarta ora ngurus urusanira utawa ora omong-omong kang tanpa guna,

14

sira bakal seneng-seneng marga saka Pangeran Yehuwah,

tuwin Ingsun bakal damel sira bisa ngliwati pucak-pucaking tengger-tengger ing bumi

kalawan tetungganganing kaunggulan;

sira bakal Sunparingi pangan saka warisane leluhurira Yakub,

sabab mangkono pangandikane lesaning Yehuwah.

Link: