:

Yesaya 64

1

Mugi Paduka karsaa nyuwek langit

lan karsaa tumedhak,

satemah redi-redi sami gonjing wonten ing ngarsa Paduka

2

-- kadosdene latu ingkang mbesmi kajeng rencekan

tuwin kadosdene latu ingkang ngumobaken toya --

supados asma Paduka kasumerepana dening para mengsah Paduka,

satemah bangsa-bangsa sami gumeter wonten ing ngarsa Paduka,

3

amargi Paduka nindakaken bab ingkang nggegirisi ingkang boten sami kawula ajeng-ajeng,

ingkang ing wiwit jaman kina dereng nate kapireng ing tiyang!

4

Boten wonten kuping ingkang mireng,

saha boten wonten mripat ingkang sumerep

Allah ingkang nindakaken punapa-punapa kangge tiyang ingkang ngantos-antos dhateng piyambakipun

namung Paduka ingkang tumindak makaten.

5

Paduka methukaken para tiyang ingkang sami nglampahi punapa ingkang leres

saha sami enget dhateng margi ingkang Paduka tedahaken!

Paduka saestu duka punika, jalaran kawula sami nglampahi dosa;

wiwit rumiyin kawula sami mbalela dhumateng Paduka.

6

Margi saking makaten kawula sadaya punika kadosdene tiyang ingkang najis

saha sakathahing kamursidan kawula punika kadosdene lawon ingkang reged;

kawula sadaya sami dados alum kados ron

tuwin sami sirna margi saking piawon kawula

kados ron ingkang kasirnakaken ing angin.

7

Boten wonten ingkang nyebut asma Paduka

utawi ingkang lajeng gumregah nggondheli Paduka;

amargi Paduka ngaling-alingi wadana Paduka dhateng kawula sadaya,

saha ngulungaken kawula dhateng pangwaosing dosa kawula.

8

Nanging sapunika, dhuh Yehuwah, Paduka punika Rama kawula sadaya!

Kawula sadaya punika lempung dene Paduka ingkang mangun kawula,

sarta kawula sadaya punika yasaning asta Paduka.

9

Dhuh Yehuwah, mugi sampun ngantos sanget-sanget anggen Paduka duka

saha mugi sampun ngantos kalajengaken anggen Paduka ngenget-enget dhumateng dosa!

Mugi Paduka karsaa nguningani,

bilih kawula sadaya punika umat Paduka.

10

Kitha-kitha Paduka ingkang suci sampun sami dados ara-ara samun,

Sion sampun dados pasamunan,

Yerusalem sepi mamring.

11

Papan pepundhen kawula ingkang suci saha agung,

ingkang kangge memuji dhumateng Paduka dening leluhur kawula sadaya,

sampun dados memangsaning latu,

gadhahan kawula ingkang endah piyambak sampun dados gempuran.

12

Manawi nguningani punika sadaya, dhuh Yehuwah,

punapa inggih Paduka badhe ngampet sarira,

punapa Paduka namung badhe kendel kemawon

saha damel sangsara kawula sadaya ingkang langkung dening sanget?

Link: