:

Yesaya 65

Paring wangsulane Gusti allah: Paukuman tumrap wong dosa lan karahayon marang wong mursid 1

Wus dadi keparenging panggalihingSun paring pituduh marang wong kang ora nakokake marang Ingsun;

wus dadi keparenging panggalihingSun, Ingsun ditemu dening wong kang ora ngupaya marang Ingsun.

Ingsun wus ngandika: “Iki Ingsun, iki Ingsun!”

marang bangsa kang ora nyebut asmaningSun.

2

Sadina muput anggoningSun wus ngegarake astaningSun

marang suku bangsa kang mbalela,

kang lumaku ing dalan kang ora becik

lan kang ngenut rancangane dhewe;

3

suku bangsa kang gawe gerahing panggalihingSun

tansah ana ing ngarsaning paningalingSun,

kalawan caos kurban ana ing patamanan-patamananing dewa

lan ngobong kurban ana ing dhuwur bata;

4

kang lungguh ing kuburan-kuburan

lan nginep ana ing guwa-guwa;

kang mangan daging babi

sarta kwaline isi duduh daging najis;

5

kang celathu: “Ngedoha kana, aja ndemok aku,

mundhak dadi suci marga saka aku!”

Kabeh iki kaya pega kang lumebu ing grananingSun,

kaya geni kang murub sadina muput.

6

Lah ing ngarsaningSun wus ana tulisan mangkene:

Ingsun ora bakal kendel bae,

Ingsun malah bakal ndhawahake piwales,

piwales marang para wong iku,

7

marga saka kaluputane wong-wong iku dhewe, lan kaluputane para leluhure,

kabeh iku bareng, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

Amarga wus padha ngobong kurban ana ing gunung-gunung

lan nenacad Ingsun ana ing tengger-tengger.

Ingsun pancen bakal naker ana ing jubahe

pituwasing panggawe-panggawene kang biyen!

8

Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah:

“Kayadene tembunge wong manawa ing dhompolan anggur isih ana banyune:

iku aja dirusak,

sabab ing jerone isih ana berkahe!

mangkono uga Ingsun bakal tumandang marga saka para abdiningSun,

yaiku wong-wong iku ora kabeh Sunsirnakake.

9

Ingsun bakal nukulake turun saka Yakub,

lan wong saka Yehuda kang bakal maris gunung-gunungingSun;

wong-wong pepilihaningSun kang bakal tampa iku sarta para abdiningSun kang bakal manggon ing kono.

10

Saron bakal dadi pangonaning wedhus

lan lebak Akhor dadi plegunganing sapi,

tumrap umatingSun kang ngupaya Ingsun.

11

Nanging sira kang wus padha ninggal Pangeran Yehuwah,

kang wus padha lali marang gunungingSun kang suci,

kang padha nata sesajen kanggo Dewa Gad,

tuwin kang padha nyuguhake anggur kang dicampuri bumbu marang Dewa Meni:

12

Ingsun bakal nemtokake sira marang pedhang,

tuwin sira bakal padha jengkeng arep disembeleh!

Amarga nalika Ingsun nimbali,

sira ora ngaturake wangsulan,

nalika Ingsun ngandika,

sira ora padha ngrungokake,

nanging sira nglakoni kang ala ana ing paningalingSun

lan luwih dhemen marang apa kang ora ndadekake keparenging panggalihingSun.”

13

Mulane mangkene pangandikane Pangeran Allah:

“Lah para abdiningSun bakal mangan,

nanging sira bakal padha kaliren;

para abdiningSun bakal padha ngombe,

nanging sira bakal padha kasatan;

para abdiningSun bakal padha bungah-bungah,

nanging sira bakal padha nandhang wirang;

14

para abdiningSun bakal surak-surak marga saka senenging atine,

nanging sira bakal padha sambat-sambat marga saka padha prihatin,

sarta sira bakal padha nangis marga pepes semangatira.

15

Para wong pepilihaningSun kudu sira tinggali jenengira

kanggo sumpah ipat-ipat iki:

Pangeran Allah muga karsaa ndadekake kowe kaya wong-wong iki!

Nanging para abdiningSun bakal kasebut nganggo jeneng seje,

16

satemah wong kang arep oleh berkah ana ing nagara,

bakal nyuwun berkah demi Allah kang setya,

lan wong kang arep sumpah ana ing nagara

bakal sumpah demi Allah kang setya

sabab karupekan-karupekan kang biyen iku wus padha ora dielingi,

sarta wus kaling-kalingan tumrap paningalingSun.”

Janji bab langit kang anyar lan bumi kang anyar 17

“Awitdene lah Ingsun nitahake langit kang anyar

lan bumi kang anyar;

bab-bab kang biyen ora bakal dielingi maneh,

lan ora bakal tuwuh maneh ing sajroning ati.

18

Nanging padha bungah-bungaha lan surak-suraka

marga saka apa kang Suntitahake,

awit lah Ingsun nitahake Yerusalem kalawan kebak kabungahan

tuwin para kang manggon ing kono kalawan kebak kasenengan.

19

Ingsun bakal surak-surak marga saka Yerusalem,

sarta girang marga saka umatingSun;

ing kono bakal ora keprungu maneh swaraning tangis

lan swaraning pasambat.

20

Ing kono ora bakal ana bayi maneh kang umure mung sawatara dina

utawa wong tuwa kang ora tutug umure,

sabab wong kang matine umur satus taun iku bakal dianggep isih enom,

lan sapa kang umure ora nganti satus taun

bakal dianggep kena ing ipat-ipat.

21

Bakal padha ngadegake omah lan iya banjur dienggoni;

bakal padha nandur anggur ana ing kebon

lan iya banjur padha mangan wohe.

22

Ora bakal padha ngedegke apa-apa, kang banjur dienggoni ing wong liya,

lan ora bakal padha nenandur,

kang wohe banjur dipangan wong liya;

amarga umure umatingSun iku bakal padha karo umuring wit-witan,

tuwin para pepilihaningSun bakal padha ngrasakake nikmating gegaweane tangane.

23

Anggone padha nglakoni rekasa ora bakal tanpa guna

tuwin ora bakal nglairake anak kang banjur mati dadakan,

amarga padha turune wong kang diberkahi dening Pangeran Yehuwah,

sarta anak-putune padha manggon tetunggalan ana ing kono.

24

Sarta bakal kelakon sadurunge padha sesambat,

Ingsun wus paring wangsulan,

nalika lagi padha munjuk,

Ingsun wus midhangetake.

25

Asu ajag lan cempe bakal nyenggut bebarengan,

singa bakal mangan dami kaya sapi

sarta ula uripe bakal saka lebu.

Ora ana kang nglakoni piala utawa tumindak ora becik ana ing sawratane gunungingSun kang suci,”

mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

Link: