:

Jabur 112

Rahayu wong kang bener 1

Haleluya!

Rahayu wong kang ngabekti marang Pangeran Yehuwah,

kang banget kasengsem marang sakehing pepakone,

2

anak-putune bakal santosa ana ing bumi,

turune wong bener bakal diberkahi,

3

omahe kanggonan bandha lan kasugihan,

sarta kautamane iku tetep ing salawas-lawase.

4

Ing sajroning peteng wong kang bener kaplethekan pepadhang,

tresna welasan lan adil.

5

Begja wong kang kadunungan welas lan nyenyilihake,

kang ngrampungake urusane kanthi samesthine,

6

sabab ora bakal gonjing ing salawase,

wong kang mursid iku bakal pinengetan ing salawase,

7

ora wedi marang kabar kang ala,

atine teteg, kumandel banget marang Pangeran Yehuwah,

8

atine santosa, ora kadunungan wedi,

temah nganggep remeh marang para satrune.

9

Blaba pawewehe, adedana marang wong miskin,

kamursidane tetep ing salawas-lawase,

sungune bakal saya dhuwur ing sajroning kamulyan.

10

Wong duraka padha ndeleng, banjur lara atine,

nggeget untu banjur luluh;

pepenginane wong duraka iku tumuju marang ing karusakan.

Link: