:

Jabur 13

Pandonga bab pracaya 1

Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud.

2

Dhuh Yehuwah, ngantos pinten dangunipun malih anggen Paduka boten ngengeti kawula?

Ngantos pinten dangunipun malih anggen Paduka nutupi wedana Paduka dhateng kawula?

3

Ngantos dumugi benjing punapa anggen kawula kedah ngraosaken kwatos,

sarta anggenipun manah kawula sedhih ing sadinten-dinten?

ngantos benjing punapa satru kawula anggenipun ngungkuli kawula?

4

Dhuh Yehuwah Allah kawula, Paduka mugi karsaa mirsani,

karsaa paring wangsulan dhumateng kawula;

mripat kawula kapadhangna supados kawula sampun ngantos katileman lajeng pejah;

5

tuwin supados satru kawula sampun ngantos wicanten makaten:

“Wus daksorake,”

punapa malih mengsah kawula sampun ngantos surak-surak, manawi kawula keguh.

6

Nanging kawula kumandel dhumateng sih-kadarman Paduka,

manah kawula abingah-bingah margi saking pitulungan Paduka.

Aku arep kekidungan kagem Sang Yehuwah, amarga wus paring kasaenan marang aku.

Link: