:
Pangeran Yehuwah, kang rumeksa bangsa Israel 1 Kidung jiyarah.
Mripatku tumenga marang gunung-gunung;
pitulunganku iku pinangkane saka ing ngendi?
2 Pitulunganku iku pinangkane saka Sang Yehuwah,
kang nitahake langit lan bumi.
3 Panjenengane ora bakal marengake yen sikilku gloyoran,
kang ngreksa kowe ora bakal ngantuk.
4 Sayektine kang ngreksa Israel ora ngantuk
lan ora sare.
5 Pangeran Yehuwah iku kang ngreksa kowe,
Pangeran Yehuwah iku pangayomanmu ana ing tengenmu.
6 Srengenge ora bakal nglarani kowe ing wayah awan,
utawa rembulan ing wayah bengi.
7 Kowe bakal direksa dening Sang Yehuwah, tumrap ing sakehing bilai;
nyawamu direksa.
8 Pangeran Yehuwah bakal ngreksa marang lebu lan wetumu,
wiwit ing samengko tumeka ing delahan.