:

Jabur 122

Pandonga nyuwunake tataraharjane kutha Yerusalem 1

Kidung jiyarah anggitane Prabu Dawud.

Aku bungah nalika ana wong kang kandha marang aku mangkene:

“Ayo padha munggah menyang ing padalemaning Pangeran Yehuwah.”

2

Saiki sikilku padha tumapak

ana ing gapuramu, he Yerusalem.

3

He Yerusalem, kang wus kaadegake

dadi kutha sesanggitan rapet,

4

kang kaunggahan dening para taler,

yaiku para taler kagunganing Sang Yehuwah,

prelu padha ngucap sokur marang asmaning Sang Yehuwah, nocogi pranatan tumrap Israel.

5

Awit ing kono prenahe dhampar-dhamparing pangadilan,

dhampare trahe Prabu Dawud.

6

Yerusalem padha suwunna tentrem rahayu:

“Sakehing wong kang tresna marang kowe ginanjara kasantosan.

7

Tentrem rahayu anaa sajroning balowartimu,

lan kasantosan anaa ing kadhatonmu.”

8

Marga saka para sadulurku lan para mitraku,

aku dakngucapake: “Tentrem rayahu anaa ing kowe.”

9

Marga saka padalemane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahku,

aku bakal padha ngupaya apa kang becik tumrap kowe.

Link: