:
Ngarep-arep marang kanugrahaning Pangeran Yehuwah 1 Kidung jiyarah.
Mripat kawula tumenga dhumateng Paduka
ingkang adhedhampar wonten ing swarga.
2 Inggih kados mripating abdi jaler
anggenipun mulat dhateng astaning bendaranipun,
utawi kados mripatipun abdi estri
anggenipun mulat dhateng astaning bendaranipun putri,
inggih makaten mripat kawula sadaya, anggenipun sami mulat dhumateng Yehuwah Allah kita,
ngantos rinentahan ing sih-piwelasipun.
3 Kawula mugi sami Paduka welasi, dhuh Yehuwah, mugi sami Paduka welasi,
margi sampun tuwuk anggen kawula sami karemehaken;
4 nyawa kawula sampun langkung dening tuwuk
dhateng pamoyokipun para tiyang ingkang rumaos tentrem,
tuwin dhateng tiyang gumunggung anggenipun sami ngremehaken.