:
Pinujia Juru Selamete bangsa Israel 1 Kidung jiyarah anggitane Prabu Dawud.
Yen ajaa Pangeran Yehuwah piyambak kang mbelani marang kita,
-- dikaya mangkono pangucape Israel, --
2 yen ajaa Pangeran Yehuwah piyambak kang mbelani marang kita,
nalika wong padha gumregah nglawan marang kita,
3 kita mesthi wus padha diuntal urip-uripan,
nalika mulad-mulading nepsune marang kita;
4 kita banjur kentir ing banyu,
aku wus padha kleleb ana ing kali;
5 ilining banyu kang luber
kang molak-malik iku wus nasabi kita.
6 Pinuji-pujia Pangeran Yehuwah kang ora ngulungake kita
dadi mangsane untune wong-wong mau!
7 Nyawa kita padha bisa oncat kaya manuk,
kang oncat saka jirete wong mikat,
rantas jirete,
kita nuli oncat.
8 Pitulungan kita iku ana ing asmaning Sang Yehuwah,
kang nitahake langit lan bumi.