:
Kapunggungane manungsa 1 Kanggo lurah pasindhen. Anggitane Prabu Dawud.
Wong punggung mosik ing sajroning atine:
“Ora ana Allah.”
Apa kang dilakoni iku jember lan nistha,
ora ana kang nglakoni kabecikan.
2 Saka ing swarga Sang Yehuwah mirsani mangisor
marang para anaking manungsa,
karsa nguningani apa ana kang kadunungan akal budi
lan ngupaya Gusti Allah.
3 Wus padha nyimpang kabeh, kabeh wus bejad
ora ana kang gawe becik, sijia bae ora ana.
4 Apa ora rumangsa kabeh wong kang padha nglakoni piala,
kang padha mangsa umatingSun nganti entek kayadene mangan roti bae,
lan kang ora nyebut marang Sang Yehuwah?
5 Ana ing kana padha ketaman ing pagiris kang banget,
amarga Gusti Allah ana ing satengahe golongane wong mursid.
6 Kowe padha bisa ngerang-erang kekarepane wong kang katindhes,
nanging Sang Yehuwah jumeneng dadi pangayomane.
7 Muga-muga karahayoning Israel laira saka ing Sion!
Samangsa Sang Yehuwah mulihake kaanane umate,
Yakub bakal asurak-surak, Israel bakal suka rena.