:

Jabur 3

Kidung ing wayah esuk ing sajrone adhep-adhepan karo mungsuh 1

Masmur anggitane Sang Prabu Dawud, nalika keplajeng saka ing ngarsane kang putra Pangeran Absalom.

(3-2) Dhuh Yehuwah, pinten-pinten satru kawula,

kathah tiyang ingkang nglawan kawula;

2

(3-3) kathah tiyang ingkang mungel tumrap kawula makaten:

“Iku mesthi ora oleh pitulungan saka Gusti Allah.” (Selah)

3

(3-4) Nanging Paduka, dhuh Yehuwah, ingkang dados tetameng kawula, ingkang ngaling-alingi kawula,

Paduka ingkang dados kaluhuran kawula, inggih ingkang ndengengekaken sirah kawula.

4

(3-5) Kalawan sora anggonku nyebut marang Sang Yehuwah,

banjur diparingi wangsulan saka ing gununge kang suci. (Selah)

5

(3-6) Aku leyeh-leyeh banjur turu;

aku tangi, amarga disantosakake dening Sang Yehuwah.

6

(3-7) Aku ora wedi marang bala leksan,

kang arep ngepung aku.

7

(3-8) Dhuh Yehuwah, kawula aturi jumeneng mitulungi kawula, dhuh Allah kawula,

amargi Paduka ingkang sampun nggepuk uwanging sakathahipun mengsah kawula,

saha tiyang duraka sami Paduka rampalaken untunipun.

8

(3-9) Pitulungan punika dhatengipun saking Sang Yehuwah,

berkah Paduka rumentaha ing umat Paduka. (Selah)

Link: