:

Jabur 21

Kidung panuwun marga Sang Prabu unggul 1

Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud.

(21-2) Dhuh Yehuwah, Sang Prabu suka rena margi saking pangwaos Paduka,

sanget ing bingahipun margi saking kaunggulan peparing Paduka!

2

(21-3) Sapangesthining panggalihipun sampun Paduka paringi,

saha panyuwun ingkang kawedal saking lathinipun boten Paduka tampik. (Selah)

3

(21-4) Dene sampun Paduka pethuk kalayan berkah ingkang luber;

saha Paduka agemi makutha kancana murni ing mastakanipun.

4

(21-5) Panjenenganipun nyuwun gesang dhumateng Paduka; lajeng Paduka paringi,

ugi sampun Paduka paringi yuswa panjang ing salajengipun saha ing salaminipun.

5

(21-6) Kaluhuranipun linangkung margi saking kaunggulan peparing Paduka,

punapa dene Paduka paringi kaunggulan kaliyan kamulyan.

6

(21-7) Panjenenganipun Paduka dadosaken berkah ing salaminipun;

Paduka kebaki ing kabingahan wonten ing ngarsa Paduka.

7

(21-8) Amargi Sang Prabu kumandel dhumateng Sang Yehuwah,

saha margi saking sih-kadarmanipun Ingkang Mahaluhur panjenenganipun boten keguh.

8

(21-9) Asta Paduka badhe namani sakathahipun mengsah Paduka,

ingkang sengit dhumateng Paduka sami badhe ketaman ing asta Paduka ingkang tengen

9

(21-10) sami badhe Paduka dadosaken kadosdene pawon murub,

samangsa Paduka ngatingal, dhuh Yehuwah.

Bebendunipun Yehuwah badhe nguntal tiyang wau sedaya,

sarta sami badhe kamangsa ing latu.

10

(21-11) Turunipun badhe Paduka sirnakaken saking bumi,

tuwin tedhak turunipun saking antawisipun para anaking manungsa.

11

(21-12) Manawi badhe damel cilaka panjenengan dalem,

sarta nganam-anam piawon, sami tanpa daya.

12

(21-13) Malah badhe Paduka damel sami lumajeng sadaya,

sendhenging gandhewa Paduka, Paduka arahaken dhateng rainipun.

13

(21-14) Dhuh Yehuwah, mugi karsaa jumeneng kanthi pangwaos Paduka!

Kawula lajeng sami ngidung saha ngrepekaken masmur

tumuju dhateng ing kasantosan Paduka.

Link: