Jabur 22
Kanggo lurah pasindhen. Manut lagu: Menjangan wadon ing wayah bangbang wetan. Masmur anggitane Prabu Dawud.
(22-2) Dhuh Allah kawula, Allah kawula, punapaa dene kawula Paduka tegakaken?
Kawula munjuk kalayan sora, nanging Paduka tetep tebih saha boten mitulungi kawula.
(22-3) Dhuh Allah kawula, ing wanci siyang kawula sesambat,
nanging Paduka boten paring wangsulan,
ing wanci dalu makaten ugi, nanging kawula inggih boten tentrem.(22-4) Mangka Paduka punika Ingkang Mahasuci ingkang lenggah
ing dhamparing kidung-pangalembananipun Israel.
(22-5) Para leluhur kawula sami kumandel dhumateng Paduka;
sami kumandel dhumateng Paduka, nunten Paduka luwari;
(22-6) Paduka ingkang dipun sebut, lajeng Paduka entasaken;
sami pitados dhumateng Paduka, lan sami boten kawirangan.
(22-7) Nanging kawula punika cacing, sanes manungsa,
dados cacadaning tiyang, cinampahan ing tiyang kathah.
(22-8) Tiyang ingkang nyawang dhateng kawula sami moyoki sadaya,
kalawan ngencepi tuwin gedheg-gedheg, tembungipun makaten:
(22-9) “Wong sumendhe marang Sang Yehuwah, cikben dientasake ing Panjenengane,
cikben Panjenengane kang ngluwari! Wong iku rak dadi renaning panggalihe ta?”
(22-10) Inggih, saestu Paduka ingkang nglairaken kawula saking guwa garba;
Paduka ingkang murugaken kawula tentrem wonten ing dhadhanipun biyung kawula.
(22-11) Wiwit lair mila kawula kasaosaken dhumateng Paduka,
wiwit nalika kawula wonten ing kandhutaning biyung kawula,
Paduka dados Allah kawula.(22-12) Mugi-mugi Paduka sampun ngantos nebihi kawula,
amargi kasisahan sampun celak,
mangka boten wonten ingkang mitulungi.
(22-13) Lembu-lembu jaler kathah ingkang sami ngrubung kawula;
kawula kinepang ing lembu-lembu jaler saking Basan;
(22-14) anggenipun sami ngangapaken cangkemipun dhateng kawula
prasasat singa ingkang nubruk lan nggero.
(22-15) Kawula ingesokaken kados toya,
sakathahing balung kawula sami pisah saking ros-rosanipun;manah kawula kados lilin,
leleh wonten ing batos kawula;(22-16) kakiyatan kawula garing kados beling,
ilat kawula kraket ing cethak kawula,
sarta Paduka ingkang nyelehaken kawula wonten ing lebuning pejah.
(22-17) Amargi kawula karubung ing segawon,
grombolaning durjana ngepang kawula,
sami nyuduki tangan saha suku kawula.(22-18) Balung-balung kawula saged kawula etang sadaya;
tiyang-tiyang sami ningali, sami nyawang kawula.
(22-19) Sandhangan kawula sami dipun dumdum,
saha jubah kawula dipun gebag ing dhadhu.
(22-20) Nanging Paduka, dhuh Yehuwah, mugi Paduka sampun nebih saking kawula;
dhuh karosan kawula, mugi enggal karsaa mitulungi kawula!
(22-21) Kawula mugi Paduka uwalaken saking pedhang,
saha nyawa kawula saking cengkeremaning segawon.
(22-22) Mugi ngluwari kawula saking cangkeming singa,
tuwin saking singating bantheng.
Paduka sampun paring wangsulan dhumateng kawula!
(22-23) Kawula badhe martosaken asma Paduka dhateng para sadherek kawula,
Paduka badhe kawula puji wonten ing tengahipun pasamuwan:
(22-24) he para wong kang ngabekti marang Sang Yehuwah,
padha nyaosna puji marang Panjenengane,he sakehing turune Yakub, padha nyaosna urmat marang Panjenengane;
he sakehing turune Israel, padha duwea wedi asih marang Panjenengane.(22-25) Amarga Panjenengane ora mastani asor lan ora jijik
marang kanisthane wong kang katindhes,sarta ora ngaling-alingi wedanane,
lan miyarsakake nalikane wong mau sesambat nyuwun tulung marang Panjenengane.(22-26) Margi saking Paduka kawula memuji-muji wonten ing pasamuwan ingkang ageng;
nadar kawula badhe kawula luwari wonten ing ngajengipun para tiyang ingkang sami ngabekti dhumateng Paduka.
(22-27) Wong andhap asor bakal padha mangan nganti wareg,
wong kang ngupaya Sang Yehuwah bakal ngalembana Panjenengane;
atimu cikben urip ing salawase!
(22-28) Poncot-poncoting bumi bakal eling marang iku
lan banjur mratobat marang Sang Yehuwah;
Para bangsa turun-tumurun badhe sami sujud nyembah wonten ing ngarsa Paduka.
(22-29) Amarga Sang Yehuwah kang kagungan karaton,
Panjenengane kang ngereh bangsa-bangsa.
(22-30) Wong gumedhe ing bumi bakal padha sujud nyembah kabeh marang Panjenengane,
para wong kang tumurun ing lebu lan ora bisa nyambung uripe bakal padha jengkeng ana ing ngarsane.
(22-31) Para tedhak-turune padha ngabekti marang Panjenengane,
sarta martakake bab Sang Yehuwah marang para turune.
(22-32) Iku kabeh bakal padha martakake kaadilane
marang bangsa kang mengko bakal lair,
marga iku wus katindakake dening Panjenengane.