Jabur 30
Masmur. Kidung kanggo nucekake Padaleman Suci. Anggitane Prabu Dawud.
amargi Paduka sampun ngentas kawula,
saha boten marengaken manawi mengsah kawula sami bingah margi saking kawula.(30-3) Dhuh Yehuwah, Allah kawula, kawula sesambat nyuwun tulung dhumateng Paduka,
lajeng Paduka sarasaken.
(30-4) Dhuh Yehuwah, Paduka sampun ngentas nyawa kawula saking ing teleng palimengan,
Paduka nggesangaken kawula
wonten ing antawisipun tiyang-tiyang ingkang sampun lumebet ing kubur.
(30-5) Padha ngidungna masmur kagem Sang Yehuwah, he para wong kang dikasihi,
sarta padha nyaosna pamuji sokur marang asmane kang suci!
(30-6) Amarga bebendune mung sadhela,
nanging kamirahane tetep ing salawase urip;ing wayah bengi ana panangis,
ing wayah ngarepake esuk keprungu surak-surak.(30-7) Ing salebeting kabingahan kawula, osiking manah kawula:
“Aku ora bakal gloyoran salawase!”
(30-8) Dhuh Yehuwah, margi saking anggen Paduka karenan,
kawula sampun Paduka papanaken wonten ing sanginggiling redi ingkang santosa;
nanging sareng Paduka nutupi wadana Paduka, kawula kaget.
(30-9) Kawula munjuk kalayan sora dhumateng Paduka, dhuh Yehuwah,
lan kawula nyenyuwun dhumateng Pangeran:
(30-10) “Punapa paedahipun manawi rah kawula wutah,
manawi kawula mandhap dhateng ing kubur?Punapa lebu saged ngaturaken pamuji sokur dhumateng Paduka
sarta martosaken kasetyan Paduka?(30-11) Dhuh Yehuwah, Paduka mugi miyarsakaken saha melasi kawula,
dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa jumeneng dados juru tetulung kawula!”
(30-12) Kawula ingkang sesambat Paduka santuni dados tiyang ingkang jejogedan,
pangangge kawula bagor Paduka rucat,
kawula lajeng Paduka sabuki kaliyan kabingahan,(30-13) supados nyawa kawula ngidungaken masmur kagem Paduka
lan sampun ngantos kendel kemawon.
Dhuh Yehuwah, Allah kawula, kawula badhe ngidungaken pamuji sokur dhumateng Paduka ing salaminipun.