:

Jabur 31

Tentrem ana ing astaning Yehuwah 1

Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud.

(31-2) Dhuh Yehuwah, kawula ngayom dhumateng Paduka,

kawula mugi sampun ngantos nandhang kawirangan.

Mugi Paduka ngentas kawula amargi kaadilan Paduka,

2

(31-3) Paduka mugi nilingna dhateng kawula,

karsaa enggal paring wangsulan!

Paduka mugi karsaa dados redi sela papan pangayoman kawula,

beteng santosa ingkang mitulungi kawula!

3

(31-4) Awit Paduka punika redi sela tuwin beteng kawula,

kawula badhe Paduka irid saha Paduka tuntun margi saking asma Paduka.

4

(31-5) Paduka badhe ngluwari kawula saking kala,

ingkang kapasang dening tiyang kangge kawula,

amargi Paduka ingkang dados pangauban kawula.

5

(31-6) Nyawa kawula, kawula pasrahaken wonten ing asta Paduka;

dhuh Yehuwah, Allah ingkang setya tuhu, Paduka ingkang ngluwari kawula.

6

(31-7) Paduka sengit dhateng tiyang ingkang memuja dhateng brahala ingkang tanpa gina,

nanging kawula pitados dhumateng Sang Yehuwah.

7

(31-8) Kawula badhe asurak-surak sukarena margi sih-kadarman Paduka,

awit Paduka mirsani kasrakatan kawula saha nupiksani karupekaning nyawa kawula,

8

(31-9) saha kawula boten Paduka ulungaken dhateng ing tanganing mengsah,

nanging Paduka kekahaken lampahing suku kawula wonten ing omberan.

9

(31-10) Dhuh Yehuwah, mugi kawula Paduka welasi, awit kawula rumaos rupek;

mripat, nyawa tuwin badan kawula nglemprek saking prihatos.

10

(31-11) Amargi gesang kawula katedha ing kasisahan

saha tauning umur kawula sami telas dening pangesah;

kekiyatan kawula mundur margi saking kasangsaran kawula,

sarta balung kawula sami gopok.

11

(31-12) Kawula dados cecampahaning mengsah kawula,

lan njalari girisipun para tangga tepalih kawula,

punapa dene damel kagetipun para pitepangan kawula;

tiyang ingkang sami sumerep kawula wonten ing margi, lajeng sami lumajeng.

12

(31-13) Kawula sampun ical saking pengetan kadosdene tiyang pejah,

kawontenan kawula kados barang ingkang sampun pecah.

13

(31-14) Amargi kawula mireng tiyang kathah sami bisik-bisik,

-- kawula kinepang ing pagiris --

sami sekuthon badhe nglawan dhateng kawula,

ngangkah dhateng nyawa kawula.

14

(31-15) Nanging kawula kumandel dhumateng Paduka, dhuh Yehuwah,

kawula matur: “Paduka punika Allah kawula!”

15

(31-16) Gesang kawula punika wonten ing asta Paduka,

Paduka mugi karsaa nguwalaken kawula

saking tanganipun para satru kawula saha tiyang ingkang sami ngoyak-oyak kawula!

16

(31-17) Wadana Paduka mugi madhangna abdi Paduka,

kaluwarana margi saking sih-kadarman Paduka!

17

(31-18) Dhuh Yehuwah, kawula mugi sampun ngantos Paduka tegakaken

ing salebetipun nandhang kawirangan,

amargi kawula nyebut dhumateng Paduka;

tiyang duraka punika kajengipun sami nandhang kawirangan

mandhapa dhateng teleng palimengan klayan kendel.

18

(31-19) Sakathahing lambe cidra kajengipun dados bisu,

ingkang nyendhu dhateng tiyang burus

kalayan kumethak lan nyenyampahi!

19

(31-20) Iba lubering kautamen Paduka

ingkang kacawisaken dhateng tiyang ingkang ngabekti dhumateng Paduka,

ingkang sampun Paduka tandukaken dhateng tiyang ingkang sami ngayom dhateng ing Paduka,

wonten ing ngajengipun manungsa!

20

(31-21) Punika sami Paduka singidaken wonten ing pangayomaning wadana Paduka,

margi saking wontenipun sekuthoning tiyang;

sami Paduka ayomi wonten ing pamondhokan

supados lepat saking padudonipun ilat kathah.

21

(31-22) Pinujia Sang Yehuwah, awitdene sih-kadarmane

dikatingalake marang aku kanthi patrap kang nggumunake

nalika aku ketaman ing karupekan!

22

(31-23) Amargi saking bingung kawula, kawula nginten:

“Kawula sampun kabucal saking paningal Paduka.”

Ewasamanten nalika kawula sesambat dhumateng Paduka,

Paduka lajeng nyembadani dhateng pasambat kawula.

23

(31-24) He sakehe para kekasihing Pangeran, padha tresnaa marang Sang Yehuwah!

Sang Yehuwah ngreksa para wong kang setya,

nanging kang gumunggung

diwales temenan.

24

(31-25) Sakehing wong kang ngarep-arep marang Sang Yehuwah,

padha disantosa lan diteteg atimu!

Link: