Jabur 32
Anggitane Prabu Dawud. Kidung piwulang.
Rahayu wong kang kaapura panerake,
kang dosane kaaling-alingan!
Rahayu wong
kang durakane ora kaetang dening Yehuwah,
sarta kang atine ora kadunungan cidra!Sadangunipun kawula kendel, balung kawula sami dados gapuk
ing salebeting panggluruh kawula sadinten muput;
amargi rinten dalu asta Paduka awrat pametekipun dhateng kawula
sungsum kawula ngantos garing,
kadosdene ngeraking mangsa benter. (Selah)Dosa kawula, kawula lairaken dhumateng Paduka,
kalepatan kawula boten kawula aling-alingi;tembung kawula: “Dakngakoni panerakku ana ing ngarsane Sang Yehuwah,”
Paduka nunten ngapunten kalepatan kawula margi saking dosa kawula. (Selah)Milanipun sakathahing tiyang mursid sami ndedonga dhumateng Paduka,
mumpung taksih saged pinanggih;sanadyan wontena bena ageng,
boten kebenan.Paduka ingkang dados pasingidan kawula,
Paduka nebihaken kawula saking karibedan,
Paduka ngemuli kawula, temah kawula luwar sarta asurak-surak. (Selah)Aku arep mulang marang kowe,
dakweruhake dalan kang wajib kokambah;
aku arep mituturi kowe, mripatku tumuju marang kowe.Aja kaya jaran utawa bihal kang ora duwe budi,
prelu dienggoni apus lan kendhali, manawa ora, ora bakal nyedhaki kowe.
Wong duraka nandhang perih akeh,
nanging kang kumandel marang Sang Yehuwah
iku mesthi kinubengan ing sih-rahmat.He para wong mursid, padha bungaha lan giyak-giyaka ana ing Pangeran Yehuwah.
He para wong kang mulus ing ati, padha surak-suraka!