:
MASMUR 43 1 Dhuh Allah, Paduka mugi paring adil dhumateng kawula, karsaa nindakaken prakawis kawula,
ingkang tumuju dhateng bangsa ingkang boten saleh!
Mugi karsaa nguwalaken kawula saking tiyang ingkang ambek cidra lan culika!
2 Awit Paduka punika Allah ingkang dados pangungsen kawula.
Punapaa dene kawula kok Paduka sebrataken?
Punapaa dene kawula kedah gesang kalayan mangangge bagor,
margi saking panganiayanipun satru?
3 Paduka mugi maringi pepadhang saha kasetyan Paduka,
sageda nuntun kawula dhateng redi Paduka ingkang suci,
sarta dhateng ing padaleman Paduka.
4 Supados kawula sageda lumebet dhateng ing ngajengipun misbyah Paduka,
sowan dhateng ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang paring suka bingah dhateng kawula,
saha memuji binarung swaraning clempung,
dhuh Allah, Allah kawula!
5 Heh nyawaku, yagene kowe kok tumungkul?
Yagene kok ngolang-ngaling ana ing jeroku?
Ngarep-arepa marang Gusti Allah, awit Panjenengane dakpuji maneh,
Panjenengane kang dadi Pitulunganku lan Allahku!