Jabur 44
Kanggo lurah pasindhen. Saka bani Korakh. Kidung piwulang.
saking para leluhur kawula ingkang sami nyariyosi kawula,
bab pakaryan ingkang sampun Paduka tindakaken kala jamanipun,
inggih kala jaman kina.(44-3) Bangsa sanes sampun sami Paduka tundhung piyambak kalayan asta Paduka,
nanging para leluhur sami Paduka tanem,suku-suku bangsa sami Paduka damel sangsara,
nanging para leluhur sami paduka dadosaken tangkar-tumangkar.(44-4) Amargi boten sarana pedhang anggenipun sami ngejegi nagari,
sanes tanganipun ingkang murugaken unggul,nanging asta Paduka tengen, bau Paduka saha cahyaning wadana Paduka,
sabab sami damel rena Paduka.(44-5) Inggih Paduka piyambak punika ingkang jumeneng dados Raja saha Allah kawula,
ingkang ndhawuhaken kaunggulanipun Yakub.
(44-6) Kanthi pitulungan Paduka kawula saged ngrebahaken mengsah,
sarta margi saking asma Paduka kawula saged ngiles-iles para tiyang ingkang nglawan kawula.
(44-7) Amargi sanes panah kawula ingkang kawula andelaken,
sanes pedhang kawula ingkang murugaken unggul,
(44-8) nanging Paduka ingkang paring kaunggulan dhumateng kawula samangsa kawula nglawan mengsah,
saha Paduka ingkang mirangaken tetiyang ingkang sami nyengiti kawula.
(44-9) Awit saking Gusti Allah kawula sadinten muput sami ngrepekaken kidung pamuji,
sarta asma Paduka sami kawula puji ing salaminipun. (Selah)
(44-10) Nanging sapunika kawula sami Paduka kipataken sarta Paduka kendel kemawon, kawula sami kawirangan.
Paduka boten miyos ngirid lampahing wadya-bala kawula.
(44-11) Paduka damel mundur kawula saking ngajenganing mengsah kawula
lan tiyang ingkang sami nyengiti kawula sami njejarah.
(44-12) Kawula sami Paduka ulungaken kadosdene menda sembelehan,
saha kawula sami Paduka sebar wonten ing antawisipun para bangsa.
(44-13) Umat Paduka Paduka sade kanthi lelahanan
sarta boten mundhut bathi saking pepajenganipun.
(44-14) Kawula sami Paduka dadosaken cacadan tumrap ing tangga-tepalih kawula,
kadamel gegujengan saha dipun wirang-wirangaken dening tiyang-tiyang ing sakiwa-tengen kawula.
(44-15) Kawula Paduka dadosaken pocapan wonten ing antawisipun para bangsa,
tuwin jalaranipun para suku bangsa sami gedheg-gedheg.
(44-16) Sadinten muput kanisthan kawula wonten ing ngajeng kawula,
sarta rai kawula kasasaban ing kawirangan,
(44-17) awit saking tembung-tembungipun tiyang ingkang nenacad saha nyenyamah,
wonten ing ngajenging mengsah saha tiyang ingkang ambek remen males awon.
(44-18) Sadaya wau sampun dhumawah ing badan kawula, nanging kawula boten kesupen dhumateng Paduka,
inggih boten cidra dhumateng prasetya Paduka.
(44-19) Manah kawula sami boten mbangkang,
saha lampah kawula sami boten nyleweng saking margi Paduka,
(44-20) sanadyan Paduka sampun ngremuk kawula wonten ing tengahipun segawon ajag,
saha Paduka nglimputi kawula kalayan pepeteng.
(44-21) Saupami kawula sami kesupen dhateng asmanipun Gusti Allah kawula,
lan ngegaraken tangan kawula dhumateng allah sanesipun,
(44-22) punapa Gusti Allah boten badhe nitipriksa ingkang kados makaten punika?
Amargi Pangeran rak boten kesamaran wewadosing manah?
(44-23) Saestu, awit saking Paduka kawula sami wonten ing salebeting bebaya pejah ing saben dintenipun,
saha kasamekaken kaliyan menda sembelehan.
(44-24) Dhuh Gusti, mugi Paduka karsaa wungu, punapaa dene Paduka sare?
Mugi Paduka karsaa wungu, sampun ngantos tansah ngipataken kawula.
(44-25) Punapadene Paduka nasabi wadana Paduka,
saha boten enget dhateng anggen kawula sami katindhes sarta kasiya-siya?
(44-26) Dene nyawa kawula tumungkul ing lebu,
badan kawula kelet ing siti.
(44-27) Mugi Paduka karsaa jumeneng mitulungi kawula sadaya,
sarta karsaa ngluwari kawula awit saking sih-piwelas Paduka.