Jabur 45
Kanggo lurah pasindhen. Miturut lagu: Kembang bakung. Saka bani Korakh. Kidung piwulang: kidung katresnan.
aku arep ngunjukake kekidunganku marang Sang Prabu;
ilatku iku dadi pene juru-tulis kang wasis.(45-3) Panjenengan dalem punika ingkang bagus piyambak wonten ing antawising sakathahing para anakipun manungsa,
lathi dalem kesokan ing kamirahan, pramila panjenengan dalem sampun dipun berkahi
dening Gusti Allah ing salami-laminipun.(45-4) Dhuh Sang Prawira, pedhang dalem panjenengan dalem sengkelit,
ing salebeting kaluhuran saha kamulyan dalem!
(45-5) Ing salebeting kamulyan dalem punika kawula aturi majeng dhemi kaleresan,
peri kamanungsan saha kaadilan! Asta dalem tengen supados ngunjukna piwulang dhumateng panjenengan dalem bab pandamel ingkang ngedab-edabi!
(45-6) Jemparing dalem sami landhep-landhep nembus manahipun para mengsahipun Sang Prabu,
para bangsa sami sumungkem ing ngandhapipun sampeyan dalem.
(45-7) Dhampar punika kagunganipun Gusti Allah, kangge ing salajengipun saha salaminipun,
jungkatipun kaprabon dalem punika jungkating kaleresan.
(45-8) Panjenengan dalem resep dhateng kaadilan saha gething dhateng duraka;
mila Gusti Allah, Allah paduka sampun njebadi panjenengan dalem kalayan lisah minangka tandhaning kabingahan nglangkungi para mitra golongan dalem.
(45-9) Busana dalem sadaya ngganda blendok mur, kajeng garu tuwin cendhana,
saking kadhaton gadhing swaraning clempung damel renaning pangalih dalem;
(45-10) para putrining ratu sami kagolong kaliyan para kekasih dalem,
Sang Prameswari jumeneng wonten ing tengen dalem,
ngagem busana kencana saking Ofir.(45-11) Dhuh Sang Putri, panjenengan dalem kawula aturi mirsani,
mugi karsaa nilingaken talingan dalem,
sampun ngengeti dhateng bangsa dalem sarta sadaya isining padalemanipun rama dalem!(45-12) Sang Prabu supados kasengsem margi saking endahing sarira dalem,
awit punika gusti dalem! Kawula aturi nyembah wonten ing ngarsanipun.
(45-13) Putri ing Tirus marak mbekta pisungsung;
para tiyang sugih ing antawisipun rakyat sami sowan badhe ngasih-asih dhumateng panjenengan dalem.
(45-14) Putrine Sang Prabu iku dadi kaendahan ana ing njero,
busanane sinulaman benang mas.
(45-15) Anggone kasowanake marang ngarsane Sang Prabu ngagem busana sulaman manca warna,
kadherekake dening para kenya mitrane,
yaiku para kang padha katimbalan kagem panjenengane.(45-16) Iku padha kasowanake kalawan suka-suka lan asurak-surak,
padha lumebu ing kadhatone Sang Prabu.
(45-17) Para putra dalem prayoginipun sami nggentosana para leluhur dalem,
tuwin sami panjenengan dalem wisudha dados pangageng wonten ing salumahing bumi.
(45-18) Kawula sami badhe nyuwuraken asma dalem ngantos turun-tumurun,
mila sakathahipun bangsa sami badhe memuji dhumateng panjenengan dalem ing salajengipun saha ing salaminipun.