:
Gusti Allah iku kutha beteng kita 1 Kanggo lurah pasindhen. Saka bani Korakh. Lagune: Alamot. Kidungan.
(46-2) Gusti Allah iku dadi papan pangayoman lan karosan kita,
nyata banget kang mitulungi sajroning karubedan.
2 (46-3) Mulane kita ora bakal miris, sanadyan bumi ngantia ngalih panggona,
tuwin gunung-gunung padha gonjing ana ing telenging segara;
3 (46-4) sanadyan gumuruh sarta banyune munthuk,
sarta sanadyan gunung padha horeg marga saka molak-maliking alun. (Selah)
4 (46-5) Ana bengawan kang iline mbungahake kuthaning Allah,
padalemane Kang Mahaluhur.
5 (46-6) Gusti Allah ana ing kono, mula ora bakal gonjang-ganjing,
sarta bakal dipitulungi dening Gusti Allah ing wayah bangun esuk.
6 (46-7) Para bangsa padha geger, sakehing karajan padha gonjing,
Panjenengane ngedalake swarane, bumi temah ajur mumur.
7 (46-8) Pangeran Yehuwah Gustining kang sarwa dumadi nunggil karo kita,
Allahe Rama Yakub iku dadi beteng kita. (Selah)
8 (46-9) Mara padha lungaa, sawangen pakaryane Sang Yehuwah,
kang nuwuhake tetumpesan ana ing bumi,
9 (46-10) kang ngendhakake peperangan nganti tumeka ing pungkasaning bumi,
kang mutung gandhewa sarta mapakake tumbak,
kang ngobongi kareta perang kalawan geni.
10 (46-11) “Menenga lan ngretia, manawa Ingsun iku Allah!
Ingsun kaluhurake ana ing tengahing para bangsa,
linuhurake ana ing bumi!”
11 (46-12) Pangeran Yehuwah Gustining kang sarwa dumadi nunggil karo kita,
Allahe Rama Yakub iku beteng kita. (Selah)