:
Gusti Allah, Ratuning salumahing bumi 1 Kanggo lurah pasindhen. Saka bani Korakh. Masmur.
(47-2) He para bangsa kabeh, padha keplok-keploka,
padha methuka Gusti Allah kalawan surak-surak!
2 (47-3) Awit Pangeran Yehuwah Kang Mahaluhur iku nggegirisi,
sarta jumeneng Ratu Agung ana ing salumahing bumi.
3 (47-4) Para bangsa padha ditelukake marang kita,
sarta para suku bangsa padha disorake ana ing tlapakan kita.
4 (47-5) Kita padha kapilihake tanah-pusaka kita,
kang digung-gungake dening Rama Yakub, kekasihe. (Selah)
5 (47-6) Gusti Allah wus sumengka ingiring ing surak rame,
iya Sang Yehuwah iku sumengka kalawan kairing ing swaraning kalasangka.
6 (47-7) Gusti Allah padha saosana kekidungan masmur, padha saosana kekidungan masmur.
padha ngidunga masmur kagem ratu kita, padha ngidunga masmur!
7 (47-8) Amarga Gusti Allah iku Ratu ing salumahing bumi,
padha ngidunga masmur, kidung piwulang!
8 (47-9) Gusti Allah iku ngratoni para bangsa,
sarta lenggah ing dhampare kang suci.
9 (47-10) Para panggedhening bangsa-bangsa padha ngumpul,
kang padha dadi umate Allahe Rama Abraham.
Sabab tameng-tamenging bumi iku kagungane Gusti Allah,
Panjenengane iku banget anggone kaluhurake.