Jabur 5
Kanggo lurah pasindhen binarung swaraning suling.
Masmur anggitane Sang Prabu Dawud.(5-2) Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken unjuk kawula,
saha karsaa midhangetaken pasambat kawula.(5-3) Dhuh Ratu kawula saha Allah kawula, Paduka mugi midhangetaken anggen kawula njerit nyuwun pitulungan,
amargi dhumateng Paduka anggen kawula ndedonga.
(5-4) Dhuh Yehuwah ing wanci enjing Paduka miyarsakaken swara kawula,
ing wanci enjing kawula nyawisaken kurban wonten ing ngarsa Paduka,
sarta kawula ngantos-antos.(5-5) Amargi Paduka punika Allah ingkang boten remen dhateng duraka,
tiyang awon boten badhe manggen wonten ing ngarsa Paduka.
(5-6) Tiyang gumunggung boten badhe tahan wonten ing ngarsa Paduka,
Paduka sengit dhateng sakathahing tiyang ingkang nindakaken piawon.
(5-7) Paduka numpes sakathahipun tiyang dora-cara,
Yehuwah eneg mirsani tiyang ingkang ngwutahaken rah saha lampah cidra.
(5-8) Nanging kawula Paduka parengaken sowan lumebet ing padaleman Paduka,
amargi saking agenging sih palimirma Paduka.Kawula Paduka parengaken tumungkul sujud
madhep dhateng ing padaleman Paduka ingkang suci,
kanthi pakering dhumateng Paduka.(5-9) Dhuh Yehuwah Paduka mugi karsaa nuntun kawula wonten ing kaadilan Paduka,
awit saking panjejeping mengsah kawula;
Paduka mugi ngradinaken margi Paduka wonten ing ngajeng kawula.
(5-10) Amargi tembungipun tiyang-tiyang punika boten wonten ingkang temen,
batosipun kebak piawon,gurungipun kadosdene kubur menga,
ilatipun ngucapaken lelamisan.(5-11) Dhuh Allah, tiyang punika kajengipun sami nanggel kalepatanipun,
kajengipun sami dhawah margi saking rancanganipun piyambak,sami kabucala awit saking kathahing panerakipun,
amargi sami mbalela dhateng Paduka.(5-12) Nanging sakathahipun tiyang ingkang ngungsi dhumateng Paduka, badhe sami suka rena,
sami surak-surak ing salaminipun margi sami Paduka ayomi
saha margi saking Paduka tiyang ingkang tresna dhumateng Paduka badhe sami sumyak-sumyak.(5-13) Amargi Paduka ingkang mberkahi tiyang mursid, dhuh Yehuwah,
saha Paduka amping-ampingi kalayan kanugrahan Paduka, kadosdene tetameng.