:

Jabur 6

Pandonga sajrone ati ngolang-ngaling 1

Kanggo lurah pasindhen binarung ing swaraning clempung.

Manut lagu: Kang kawolu. Masmur anggitane Sang Prabu Dawud.

(6-2) Dhuh Yehuwah, kawula mugi sampun Paduka ukum kalayan bebendu Paduka,

mugi sampun Paduka perdi kalayan bramantya Paduka.

2

(6-3) Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka welasi, awit kawula nglayung.

Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka sarasaken,

awit balung kawula sami gumeter,

3

(6-4) lan nyawa kawula sanget kaget.

Dene Paduka, dhuh Yehuwah, taksih sapinten dangunipun?

4

(6-5) Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa wangsul,

karsaa ngentas nyawa kawula,

mugi karsaa ngluwari kawula awit saking sih-kadarman Paduka.

5

(6-6) Awit ing salebetipun pejah boten wonten tiyang ingkang ngenget-enget dhumateng Paduka,

wonten ing teleng palimengan sinten ingkang badhe memuji dhumateng Paduka?

6

(6-7) Kawula sampun lesah margi saking pangesah kawula,

ing saben dalu patileman kawula kebesan ing luh kawula,

amben kawula kawula benani kalayan luh kawula.

7

(6-8) Mripat kawula ngantos pendul margi saking sisah,

sarta lamur jalaran kathahing tiyang ingkang ngrupeki manah kawula.

8

(6-9) Heh wong kang padha gawe piala, sumingkira saka ing ngarepku,

amarga Sang Yehuwah wus miyarsa tangisku.

9

(6-10) Sang Yehuwah wus mireng panyuwunku,

Sang Yehuwah nampeni pandongaku.

10

(6-11) Sakehing satruku padha kawirangan sarta kaget banget,

lan mundur sakal tuwin kawirangan kabeh.

Link: