:

Jabur 54

Pandonga ing sajrone adu-arep karo mungsuh 1

Kanggo lurah pasindhen.

Binarung ing swaraning clempung. Kidung piwulange Prabu Dawud, (54-2) rikala wong ing Zifi padha seba marang ing ngarsane Prabu Saul lan munjuk: “Dawud ndhelik wonten ing panggenan kawula.”

(54-3) Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa mitulungi kawula margi saking asma Paduka,

kawula mugi Paduka paringi kaadilan margi saking kasantosan Paduka.

2

(54-4) Dhuh Allah, Paduka karsaa miyarsakaken pandonga kawula,

sarta mugi karsaa nilingaken unjukipun cangkem kawula.

3

(54-5) Awit wonten tiyang kumingsun ingkang sami nglawan kawula;

tiyang ingkang gumunggung sami ngangkah nyawa kawula;

tiyang-tiyang wau sami boten maelu dhateng Gusti Allah. (Selah)

4

(54-6) Satemene Gusti Allah iku kang mitulungi aku;

Pangeran iku kang ngemong uripku.

5

(54-7) Pialane nampeka marang satru-satruku,

mugi sami Paduka tumpes awit saking kasetyan Paduka.

6

(54-8) Kawula badhe nyaosi kurban kanthi eklasing manah,

dhuh Yehuwah, kawula badhe memuji asma Paduka,

amargi asma Paduka punika sae.

7

(54-9) Amargi Paduka ngluwari kawula saking sakathahing karibedan,

saha mripat kawula nyawang dhateng mengsah kawula.

Link: