Jabur 55
Kanggo lurah pasindhen.
Binarung swaraning clempung. Kidung piwulange Prabu Dawud.(55-2) Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken pandonga kawula,
Paduka sampun ngantos mengkeraken panyuwun kawula!(55-3) Paduka mugi karsaa nilingaken saha karsaa maringi wangsulan,
kawula nglembara kaliyan nangis margi saking semplah.
(55-4) Margi saking pambengoking mengsah,
lan panganiayanipun tiyang duraka;amargi sami ndhatengaken bilai,
sarta kanthi pangigit-igit anggenipun nglawan kawula.(55-5) Manah kawula ngolang-ngaling,
tuwin pagirising pejah ngebruki kawula.
(55-6) Kawula ketaman ing ajrih lan raos gumeter,
kawula kalimputan ing pagiris.
(55-7) Kawula manah makaten: “Adhuh, saupama aku kaparingan swiwi kaya manuk dara,
banjur mabur golek papan kang tentrem,
(55-8) malah nuli lumayu nganti adoh,
lan banjur nginep ana ing pasamunan. (Selah)
(55-9) Aku bakal enggal-enggal golek papan pangungsen,
ngoncati angin gedhe lan prahara.”
(55-10) Dhuh Pangeran, mugi Paduka karsaa damel bingungipun tiyang-tiyang punika, saha karsaa ngisruhaken pirembagipun,
amargi kawula ningali panganiaya saha bebantahan wonten ing kitha!
(55-11) Rinten dalu sami ngubengi kitha punika wonten ing sanginggiling balowartinipun,
sarta ing nglebet wonten kacilakan lan kasangsaran;
(55-12) saha kawontenan ingkang ngrerisak pinanggih ing wewengkonipun,
panindhes lan para cidra jumedhul tanpa kendhat wonten ing alun-alunipun.
(55-13) Saupami mengsah kawula ingkang ngawon-awon kawula,
kawula taksih saged sabar.Saupami ingkang sengit dhateng kawula ingkang ngegungaken dhiri wonten ing ngajeng kawula,
kawula taksih saged singidan.(55-14) Nanging kowe iku wong kang cedhak karo aku,
kancaku lan wong kang dakpracaya.
(55-15) Aku padha sesrawungan kalawan becik,
lan padha bebarengan munggah menyang ing padalemaning Allah ing satengahing karamean.
(55-16) Wong iku muga padha kacandhaka ing pati,
padha mudhuna menyang ing jagading wong mati urip-uripan!
Amarga omahe malah batine kadunungan piala.
(55-17) Nanging aku nyebut marang Gusti Allah,
sarta Pangeran Yehuwah banjur bakal ngluwari aku.
(55-18) Ing wayah sore, esuk lan awan aku sesambat lan nangis;
Pangeran banjur miyarsakake swaraku.
(55-19) Gusti Allah ngluwari aku kanthi tentrem
saka pangrangsanging mungsuhku, awit padha gumrudug nglawan marang aku.
(55-20) Gusti Allah kang lenggah ana ing dhampare wiwit kuna mula,
bakal mireng sarta ngesorake wong-wong iku. (Selah)Amarga padha ajeg bae,
sarta padha ora wedi marang Gusti Allah.(55-21) Wong iku ngagakake tangane marang para wong kang urip bebarengan karo dheweke kalawan rukun,
amarga nerak prajanjiane.
(55-22) Lunyuning cangkeme ngungkuli mertega,
nanging karepe arep nempuh perang;alusing tembunge ngluwihi lenga,
nanging sakabehing mau pedhang ligan.(55-23) Sumelangmu pasrahna marang Pangeran Yehuwah,
temah kowe mesthi direksa!Pangeran ora marengake,
yen wong mursid gloyoran ing salawase.(55-24) Nanging Paduka, dhuh Allah, badhe nyemplungaken tiyang-tiyang punika
dhateng ing sumur ingkang lebet;tiyang ingkang ngwutahaken rah tuwin lampah cidra,
umuripun boten badhe dumugi sapalih
nanging kawula kumandel dhumateng Paduka.