:

Jabur 56

Kumandel marang Gusti Allah ing sajroning karubedan 1

Kanggo lurah pasindhen.

Miturut lagu: Manuk dara ing wit terbantin kang adoh. Miktam anggitane Prabu Dawud, nalika panjenengane dicekel bangsa Filisti ana ing kutha Gat.

(56-2) Dhuh Allah, kawula mugi Paduka welasi, margi tiyang-tiyang sami ngidak-idak kawula,

sarta kawula dipun perangi saha dipun pepetaken sadinten muput.

2

(56-3) Mengsah-mengsah kawula sami ngidak-idak kawula sadinten muput,

malah kathah tiyang ingkang nglawan kawula kalayan gumunggung.

3

(56-4) Manawi kawula ajrih,

kawula punika kumandel dhumateng Paduka;

4

(56-5) Gusti Allah, kang pangandikane dakalembana,

iya Gusti Allah iku kang dakandelake, mulane aku ora wedi.

Manungsa bisa manggawe apa marang aku?

5

(56-6) Sadinten-dinten sami ngruwedaken prakawis kawula,

sami tansah gadhah kekajengan badhe nandukaken piawon dhateng kawula,

6

(56-7) sami badhe nempuh, ngintip saha ngawasaken dhateng lampah kawula,

kados tiyang ingkang sami ngangkah dhateng nyawa kawula.

7

(56-8) Tiyang wau punapa saged oncat, manawi ngengeti durakanipun wau?

Dhuh Allah, para bangsa mugi sami Paduka rebahaken klayan bebendu Paduka.

8

(56-9) Kasangsaran kawula punika Paduka ingkang ngetang-etang,

luh kawula Paduka rimat wonten ing impes Paduka;

sadaya rak sampun sami Paduka cathet wonten ing Kitab Paduka?

9

(56-10) Mungsuhku banjur padha mundur nalika aku sesambat,

aku yakin yen Gusti Allah nunggil karo aku.

10

(56-11) Gusti Allah, kang sabdane dakegungake,

Pangeran Yehuwah, kang sabdane dakegungake.

11

(56-12) Gusti Allah, kang dakendelake, mulane aku ora wedi.

Manungsa bisa manggawe apa marang aku?

12

(56-13) Dhuh Allah, nadar kawula badhe kawula tetepi wonten ing ngarsa Paduka,

kawula badhe ngaturaken kurban panuwun dhumateng Paduka.

13

(56-14) Amargi Paduka sampun ngluwari nyawa kawula saking pejah,

malah njagi suku kawula, satemah boten kesandhung;

mila kawula saged lumampah wonten ing ngarsanipun Gusti Allah,

ing pepadhanging gesang.

Link: