Jabur 57
Kanggo lurah pasindhen.
Miturut lagu: Aja ngrusak. Miktam anggitane Prabu Dawud, nalika lumajeng saka ing ngarsane Sang Prabu Saul menyang ing guwa.(57-2) Kawula mugi Paduka welasi, dhuh Allah, kawula mugi Paduka welasi,
awit namung Paduka ingkang dados pangaubaning nyawa kawula;
kawula ngayom wonten ing sangandhaping swiwi Paduka,ngantos bebaya punika sampun mengker.(57-3) Aku sesambat marang Gusti Allah Kang Mahaluhur,
Gusti Allah ngrampungi prakaraku.
(57-4) Gusti Allah muga karsaa utusan saka ing swarga ngluwari aku,
lan mirang-mirangake wong kang ngidak-idak aku. (Selah)
Gusti Allah muga karsaa ngintunake sih-kadarman lan kabenerane.(57-5) Aku ngleleh ana ing tengah-tengahing singa-singa,
kang dhemen nubruk anak-anaking manungsa,kang untune kaya tumbak lan panah,
sarta kang ilate kaya pedhang landhep.(57-6) Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa nedahaken kaluhuran Paduka,
ngantos dumugi ing sanginggiling langit,
sarta kamulyan Paduka mugi nglangkungana salumahing bumi.(57-7) Lakuku padha dipasangi kala-jiret,
nyawaku ditungkulake,padha ndhudhuk luwangan ana ing ngarepku,
nanging banjur padha kecemplung dhewe ana ing kono. (Selah)(57-8) Manah kawula sampun cumawis, dhuh Allah, manah kawula sampun cumadhang,
kawula badhe ngrerepi, kawula badhe ngidung masmur.
(57-9) He nyawaku, tangia, tangia, he slukat lan clempung,
aku arep nggugah bangbang wetan!
(57-10) Paduka badhe kawula puji wonten ing satengahipun para bangsa, dhuh Pangeran,
Paduka badhe kawula kidungaken masmur wonten ing satengahipun para suku bangsa.
(57-11) Awit sih-kadarman Paduka luhuripun sundhul ing akasa,
sarta kaleresan Paduka sundhul ing mega.
(57-12) Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa ngatingalaken kaluhuran Paduka ngantos dumugi ing sanginggiling langit,
saha kamulyan Paduka mugi nglangkungana salumahing bumi.