:

Jabur 58

Tumrap panggedhe kang ambeksiya 1

Kanggo lurah pasindhen.

Lagune kaya kidung: Aja ngrusak. Miktam anggitane Prabu Dawud.

(58-2) He para kang nyekel pangwasa, apa pancasanmu iku adil temenan?

Anggonmu ngakimi marang para anaking manungsa iku apa jujur?

2

(58-3) Malah cocog karo karepmu kowe nglakoni piala,

tanganmu nindakake kekerasan ana ing bumi.

3

(58-4) Wong duraka padha murtad wiwit lair mula,

para juru apus iku padha nasar wiwit ana ing wetenganing biyung.

4

(58-5) Wisane kaya wisane ula,

padha kaya ula bedhudhak kang budheg, kang nutupi kupinge,

5

(58-6) kang ora ngrungokake marang swarane para tukang njapani,

utawa swarane tukang maca mantra kang wasis.

6

(58-7) Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa ngrampali untuning cangkemipun,

saha karsaa motholi siyungipun singa anem. (Selah)

7

(58-8) Sami sirnaa kados toya ingkang mili lajeng telas,

kajengipun sami alum kados rumput ing margi.

8

(58-9) Kajengipun sami sirna kados bekicot ingkang dados ilu,

sami kadosa bayining tiyang estri ingkang lair keluron ingkang boten ningali surya.

9

(58-10) Sadurunge kwali-kwalimu kena panasing eri,

kabeh kang isih seger dalasan kang wus geseng

padha kabengkas dening Pangeran.

10

(58-11) Wong mursid bakal padha bungah-bungah marga nyumurupi piwales,

sarta bakal ngwisuhi sikile kalawan getihe wong duraka.

11

(58-12) Lan wong bakal padha ngucap: “Wong mursid iku nyata tampa pituwas,

satemene ana Allah kang maringi kaadilan ana ing bumi.”

Link: