Jabur 59
Kanggo lurah pasindhen.
Miturut lagu: Aja ngrusak. Miktam anggitane Prabu Dawud, nalika Sang Prabu Saul utusan ndingkik lan nyedani ana ing daleme.(59-2) Dhuh Allah kawula, kawula mugi Paduka uwalaken saking mengsah kawula,
Paduka mugi karsaa mbetengi kawula tumrap ingkang sami nglawan kawula.(59-3) Kawula mugi kauwalna saking tiyang ingkang sami damel piawon,
kaluwarana saking tiyang ingkang sami remen ngwutahaken rah.
(59-4) Amargi tiyang punika saestu sami nyegat ngangkah dhateng nyawa kawula,
tiyang prakosa sami nempuh kawula,
mangka kawula boten nerak wewaler, kawula boten dosa, dhuh Yehuwah,
(59-5) kawula boten gadhah kalepatan, kok sami mlajeng saha tata-tata.
Paduka mugi karsaa ngrawuhi kawula lan karsaa nguningani!
(59-6) Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun ingkang sarwa dumadi,
Paduka punika Gusti Allahipun Israel.Paduka mugi karsaa wungu paring paukuman dhateng para bangsa;
para tiyang ingkang sami nglampahi piawon lan nandukaken kiyanat punika sampun ngantos Paduka welasi! (Selah)(59-7) Saben sonten sami wangsul malih,
sami mbaung kados segawon sarta ngubengi kitha.
(59-8) Saestu, sami nyemoni kaliyan cangkemipun;
panyenyamah dumunung ing lambenipun,
sabab -- sinten ingkang mirengaken?(59-9) Nanging tiyang punika sami Paduka gegujeng, dhuh Yehuwah,
sakathahing bangsa sami Paduka poyoki.
(59-10) Dhuh kakiyatan kawula, Paduka ingkang kawula gondheli,
amargi Gusti Allah dados kitha beteng kawula.
(59-11) Allahku bakal methuk aku kalawan sih-kadarmane;
Gusti Allah bakal marakake aku bisa ngremehake para satruku.
(59-12) Mugi sampun ngantos sami Paduka pejahi, supados bangsa kawula boten kesupen,
mugi Paduka damel sami kelunta-lunta klayan pamisesa Paduka,
mugi sami Paduka rebahaken, dhuh Pangeran, tetameng kawula.(59-13) Ujaring lambenipun punika dosaning cangkemipun,
sami kajireta margi saking piyangkuhipun.
Amargi ipat-ipat lan cidra ingkang dipun cariyosaken.(59-14) Mugi sami katumpesa kalayan bebendu, katumpesa
ngantos sami sirna,
supados smi mangretosa, bilih Gusti Allah ingkang misesani tedhak turunipun Rama Yakub,ngantos dumugi ing pungkasaning bumi. (Selah)(59-15) Saben wanci sonten sami dhateng malih,
mbaung kados segawon sarta ngubengi kitha.
(59-16) Sami nglambrang ngupados tedha,
manawi boten tuwuk, lajeng sami nggereng.
(59-17) Nanging kawula badhe ngidungaken kakiyatan Paduka,
ing wanci enjing kawula badhe asurak-surak margi saking sih-kadarman Paduka;amargi Paduka punika sampun dados kitha beteng kawula,
papan pangungsen kawula ing salebeting karupekan kawula.(59-18) Dhuh Karosan kawula, Paduka badhe kawula kidungaken klayan kidung masmur;
amargi Gusti Allah punika dados kitha beteng kawula,
Gusti Allah kawula ingkang asih-darma.