:

Jabur 60

Pandonga nyuwun kaunggulan 1

Kanggo lurah pasindhen.

Miturut lagu: Kembang bakung paseksen. Miktam anggitane Prabu Dawud kanggo piwulang, (60-2) nalika perang karo bala Aram-Mesopotamia lan wong Aram-Zoba, sarta sawuse Senapati Yoab bali saka nggecak bala Edom ana ing lebak Asin ngesorake mungsuh kehe rolas ewu.

(60-3) Dhuh Allah, kawula sampun sami Paduka tampik, beteng kawula sampun Paduka bedhah;

Paduka duka; Paduka mugi karsaa ndandosi kawula!

2

(60-4) Bumi sampun Paduka gonjingaken saha Paduka belah;

ingkang pecah mugi Paduka pulihaken malih,

awit bumi sampun gonjing.

3

(60-5) Umat Paduka sampun paduka damel rekaos sanget,

kawula sampun sami Paduka ombeni anggur ingkang mendemi.

4

(60-6) Paduka sampun maringi umbul-umbul dhumateng tiyang-tiyang ingkang ngabekti dhumateng Paduka,

minangka pratandha supados amping-amping ngoncati panah. (Selah)

5

(60-7) Supados para ingkang Paduka kasihi saged oncat,

Paduka mugi karsaa paring pangluwaran klayan asta Paduka tengen saha kawula mugi sami kaparingana wangsulan!

6

(60-8) Gusti Allah sampun ngandika wonten ing dalem pasucenipun:

“Ingsun karsa suka-suka parisuka, tanah Sikhem bakal Sunbagi,

sarta lebak Sukot bakal Sunukur.

7

(60-9) Gilead iku kagunganingSun, Manasye iku kagunganingSun,

Efraim iku tetoponging mustakaningSun,

Yahuda iku jungkating kepraboningSun;

8

(60-10) Moab iku papan pawijikaningSun,

Edom Sunbalang kalawan trumpahingSun,

marga saka Filisti Ingsun asurak-surak.”

9

(60-11) Sapa kang bakal ngirid aku lumebu ing kutha kang santosa?

Sapa kang nuntun aku menyang ing tanah Edom?

10

(60-12) Punapa sanes Paduka dhuh Allah, ingkang sampun nampik kawula,

sarta boten majeng, dhuh Allah, sareng kalayan bala kawula?

11

(60-13) Dhuh Gusti Allah, Paduka mugi karsaa paring pitulungan dhumateng kawula sadaya nglawan mengsah,

amargi pitulunganing manungsa punika muspra.

12

(60-14) Manawa kinanthi ing Allah kita bakal nindakake kaprawiran,

awit Pangeran piyambak bakal ngiles-iles sakehing mungsuh kita.

Link: