Jabur 7
Kidung pasambat anggitane Sang Prabu Dawud, kang dikidungake konjuk marang Sang Yehuwah, marga saka tembunge Kusy, wong Benyamin.
(7-2) Dhuh Yehuwah, Gusti kawula, Paduka ingkang kawula suwuni pangayoman,
mugi karsaa ngluwari kawula saking sakathahipun tiyang ingkang ngoyak-oyak kawula, kawula mugi Paduka luwari,
(7-3) supados sampun ngantos nubruk kawula kadosdene singa,
sarta nyered kawula, saha boten wonten ingkang nguwalaken.
(7-4) Dhuh Yehuwah, Gusti kawula, manawi kawula tumindak makaten:
manawi tangan kawula nindakaken kaculikan,
(7-5) manawi kawula damel piawon dhateng tiyang ingkang tepangipun sae kaliyan kawula,
utawi mitunani tiyang ingkang nyatru kawula tanpa sabab,
(7-6) manawi makaten, mugi kawula kabujenga ing mengsah ngantos kacepeng,
lajeng gesang kawula dipun idak-idaka ing siti,
saha kaluhuran kawula kapendhema ing lebu. (Selah)(7-7) Dhuh Yehuwah, mugi karsaa jumeneng ing salebeting bebendu Paduka,
mugi karsaa jumeneng nadhahi pangigit-igitipun tiyang ingkang sami nglawan dhateng kawula,
mugi Paduka wungu mitulungi kawula amargi Paduka ingkang mrentahaken pangadilan.(7-8) Dene para bangsa kajengipun sami nglempak ngupengi Paduka,
Paduka lajeng karsaa lenggah ing sanginggilipun ing papan ingkang inggil.
(7-9) Sang Yehuwah ngadili para bangsa.
Dhuh Yehuwah, mugi Paduka karsaa ngadili kawula,
punapa kawula leres, saha punapa kawula tulus eklas.(7-10) Mugi-mugi piawoning tiyang duraka sageda mantun,
nanging tiyang mursid mugi Paduka santosakaken,Paduka ingkang ndadar manah saha batosing tiyang,
dhuh Allah ingkang adil.(7-11) Gusti Allah iku tetamengku,
kang mitulungi wong kang burus ing ati.
(7-12) Gusti Allah iku Hakim kang adil,
tuwin Allah kang tansah nglairake bebendune.
(7-13) Manawa wong ora mratobat,
Gusti Allah bakal ngasah pedhange, menthang gandhewane, lan kaenerake.
(7-14) Gegaman ampuh kacawisake kanggo wong mau,
jemparinge diurubake.
(7-15) Lah wong iku ngandhut piala
lan ngandheg bilai nuli nglairake cidra;
(7-16) nuli gawe luwangan, didhudhuk,
nanging kecemplung dhewe ing luwangan gaweane mau.
(7-17) Piala kang ditindakake mau mbalik nempuh endhase dhewe,
sarta panganiayane nibani pathake dhewe.
(7-18) Aku arep ngunjukake panuwun marang Sang Yehuwah amarga saka kaadilane,
sarta ngidungake masmur kagem asmane Sang Yehuwah, Kang Mahaluhur.