:
Pandonga kagem Sang Prabu 1 Kanggo lurah pasindhen.
Binarung swaraning clempung. Anggitane Prabu Dawud.
(61-2) Dhuh Allah, mugi karsaa miyarsakaken pasambat kawula,
pandonga kawula mugi katilingna!
2 (61-3) Saking pungkasaning bumi kawula nyebut asma Paduka,
amargi manah kawula lesu nglentrih,
Paduka mugi karsaa nuntun kawula minggah ing redi parang ingkang kinggilen tumrap kawula.
3 (61-4) Paduka punika saestu dados papan pangayoman kawula,
menara ingkang santosa wonten ing ngajenging mengsah.
4 (61-5) Kawula mugi Paduka parengaken manggen wonten ing kemah Paduka ing salami-laminipun,
sarta ngayom wonten ing aubing swiwi Paduka! (Selah)
5 (61-6) Dhuh Allah, Paduka saestu sampun midhangetaken nadar kawula,
sampun nyembadani panyuwunipun para tiyang ingkang ngabekti dhumateng Paduka.
6 (61-7) Paduka mugi karsaa mewahi yuswanipun Sang Prabu,
taun-taun sugengipun sageda ngantos turun-tumurun.
7 (61-8) Mugi anggenipun jumeneng ratu wonten ing ngarsanipun Gusti Allah saged lestantun ing salami-laminipun,
sih-kadarman tuwin kasetyan Paduka kadhawuhana ngreksa panjenenganipun.
8 (61-9) Kawula badhe ngidungaken asma Paduka klayan masmur ing salaminipun,
saha ngluwari nadar kawula ing sadinten-dintenipun.