Jabur 62
Kanggo lurah pasindhen.
Miturut: Yedutun. Masmur anggitane Prabu Dawud.(62-2) Amung yen cedhak karo Gusti Allah aku ngrasa ayem,
kaslametanku iku saka ing Panjenengane.(62-3) Mung Panjenengane kang dadi peparang lan kaslametanku,
kutha betengku, aku ora bakal gloyoran.
(62-4) Sapira suwene anggonmu padha arep ngroyok sawijining wong,
arep kokremuk, he kowe kabeh,
kaya tembok kang dhoyong utawa tembok kang arep rubuh?(62-5) Sedyane mung arep njorogake wong mau saka ing kalungguhane kang dhuwur,
padha dhemen goroh,cangkeme padha ngucapake berkah,
nanging batine padha ngipat-ipati. (Selah)(62-6) Kantentremanku mung ana ing Gusti Allah,
amarga kang dakarep-arep iku pinangkane saka ing Panjenengane.
(62-7) Mung Panjenengane kang dadi peparang lan kaslametanku,
kutha betengku, aku ora bakal gloyoran.
(62-8) Ana ing Gusti Allah dununging kaslametan lan kamulyanku;
peparangku lan kasantosanku, sarta pangayomanku iku Gusti Allah.
(62-9) He umat, tansah padha kumandela marang Panjenengane,
sarasaning atimu sokna ana ing ngarsane,
Gusti Allah iku pangayoman kita. (Selah)(62-10) Satemene wong asor iku mung angin,
para wong kang mulya iku mung pagorohan;yen kabobot ana ing timbangan njomplang mandhuwur,
amarga luwih entheng katimbang angin.(62-11) Aja ngandel marang panindhesan,
aja nduweni pangarep-arep kang tanpa isi marang barang rayahan;manawa mundhak bandhamu,
atimu aja rumaket mrono.(62-12) Gusti Allah ngandika sapisan,
rong prakara kang dakrungu,
manawa panguwasa iku pinangkane saka Gusti Allah,(62-13) saha, Pangeran, sih-kadarman punika ugi saking Paduka;
amargi Paduka paring piwales dhateng saben tiyang miturut pandamelipun.