:
Kangen marang Gusti Allah 1 Masmur anggitane Prabu Dawud, nalika ana ing pasamunan Yahuda.
(63-2) Dhuh Allah, Paduka punika Allah kawula, kawula ngupadosi Paduka,
nyawa kawula ngorong dhumateng Paduka;
daging kawula kangen dhumateng Paduka;
kados siti ingkang garing lan gundhul, kasatan toya.
2 (63-3) Kados makaten anggen kawula tumenga dhumateng Paduka wonten ing pasucen,
kalayan nyawang dhateng karosan saha kamulyan Paduka.
3 (63-4) Amargi sih-kadarman Paduka langkung sae tinimbang gesang;
lambe kawula badhe memuji asma Paduka.
4 (63-5) Inggih makaten punika anggen kawula badhe ngluhuraken Paduka ing salaminipun kawula gesang,
ngulukaken tangan kawula margi saking asma Paduka.
5 (63-6) Nyawa kawula kados katuwukan ing gajih saha sungsum,
kalayan lambe ingkang asurak-surak
cangkem kawula ngaturaken pamuji.
6 (63-7) Manawi kawula wonten ing patileman kengetan dhumateng Paduka,
sadalu muput anggen kawula semedi dhumateng Paduka,
7 (63-8) sayektosipun Paduka sampun dados pitulungan kawula,
saha kawula saged surak-surak wonten ing aubing swiwi Paduka.
8 (63-9) Nyawa kawula rumaket dhumateng Paduka,
sarta asta tengen Paduka nyepengi kawula.
9 (63-10) Nanging tiyang ingkang sami ngangkah dhateng nyawa kawula,
sami dhawah ing telenging bumi;
10 (63-11) sami badhe kaulungaken dhateng ing pangwaosing pedhang
tuwin badhe dados mangsanipun segawon ajag.
11 (63-12) Nanging Sang Prabu badhe suka-suka, amargi saking Gusti Allah;
sok tiyanga ingkang supaos demi Gusti Allah, badhe nglairaken panggunggung
amargi sadaya tiyang cidra sami kabungkem cangkemipun.