:

Jabur 82

Gusti Allah ana ing parepatan ilahi 1

Masmur anggitane Asaf.

Gusti Allah jumeneng ana ing parepatan ilahi,

ana ing satengahing para allah Panjenengane nindakake pangadilan:

2

“Nganti sepira suwene anggonira padha ngadili kalawan ambek-siya,

sarta ngrewangi marang wong duraka? (Selah)

3

Wong kang sekeng lan bocah lola padha wenehana adil,

wong kasangsaran lan kacingkrangan padha belanana wewenange.

4

Wong kang sekeng lan kang mlarat padha pitulungana,

luwarana saka ing tangane wong duraka.”

5

Iku wong kang padha ora sumurup lan ora ngreti apa-apa,

padha lumaku ana ing pepeteng;

sakehing tetalese bumi padha gonjang-ganjing.

6

Ingsun wus ngandika mangkene: “Sira kabeh iku allah,

lan padha dadi putrane Kang Mahaluhur. --

7

Nanging sira bakal padha mati kayadene manungsa,

lan bakal tiwas kayadene salah sawijining panggedhe.”

8

Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa jumeneng ngadili bumi,

amargi sakathahipun bangsa punika kagungan Paduka.”

Link: